BEBAYANE RACUN WISA ANDROID
kapacak uga ing https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02MFQSSSd7hsizBNbB1von4bgw1GqPPJ1x616eaQcYsR2pDTTF8go85qrSsAr7HeUnl/?mibextid=Nif5oz
Ing giyaran warta CNBC Indonesia martakake yen trajangan (serangan) rat-maya (siber/cyber) pranyata gampang banget dialami dening telpun pinter (smartphone) Android. Miturut lapuran MalwaredFox wujude werna-werna kang bisa njebol M-Banking liwat pangetrapan cara (aplikasi) ing jejaring digital (internet).
MalwareFox nyathet, Android sering banget diener serangan empuk duratmaka ing ratmaya (panrajang/panyerang elektronik/siber). Kenapa kok Android? Iya jalaran Android iku mujudake aplikasi program tinarbuka (open-source) sapa bae bisa gawe program lan dipasang ing Android ora kadya iOS duweke Apple.
Gampang banget kanggone sang duratmaka elektronik kanggo nlusupake wisa/upas (racun) mbebayani ing perangkat Android migunakake program aplikasi sing mbebayani mau, kayata kang sinebut Trojans, Adware, Spyware, Keylogger lsp.
Mulane iku, nadyan saiki wus wiwit lumebu ing swasana teknologi kang mumpuni, masarakat kaprayogakake tetep waspada migunakake teknologi kang agawe sarwa mayar ing ratmaya iki. Iku amarga ora bisa diselaki dene kamajuan teknologi uga dibarengi sisik-melik wisa elektronik mau.
Akehing program-program aplikasi sing ditawakake ing pasar digital kang kondhang jejuluk Google Play Store gawe mencutake para panganggo telpun pinter Android nedya ngundhuh tanpa bayar aliyas lelahanan/gratis, yaiki sela-selaning kanggo nglebokake racun-racun wisa mau.
Mula kita para panganggo telpon pinter Android, sing waspada kudu luwih pinter-pinter milih endi aplikasi sing aman lan kaprelokake, aja gumampang angger bae ngundhuh sing katone nawakake werna-werna kagunan sing mencutake iku malah bisa mblondrokake.
Ndudut saka sumber Hindustan Times, ana saperangan aplikasi mbebayani sing kudu enggal dibusak dening para panganggo telpun pinter Android yaiku :
1. Fare Gamehub and Box (Trojan)
2. Hope Camera-Picture Record (Trojan)
3. Same Launcher and Live Wallpaper (Trojan)
4. Amazing Wallpaper (Trojan)
5. Cool Emoji Editor and Sticker (Trojan)
6. Simple Note Scanner (Spyware)
7. Universal PDF Scanner (Spyware)
8. Private Messenger (Spyware)
9. Premium SMS (Spyware)
10. Blood Pressure Checker (Spyware)
11. Cool Keyboard (Spyware)
12. Paint Art (Spyware)
13. Color Message (Spyware)
14. Vlog Star Video Editor (Malware)
15. Creative 3D Launcher (Malware)
16. Wow Beauty Camera-Picture (Malware)
17. Gif Emoji Keyboard (Malware)
18. Instant Heart Rate Anytime (Malware)
19. Delicate Messenger (Malware).
Cukup samene dhisik mbokmenawa sing bisa kaandum pawarta bebayane racun wisa/upas sing ngindhik sela-selaning kekurangane telpun pinter kita, muga migunani.
Aja kalah pinter karo telpon pinter! 🤪😜
Salam rahayu kang dumadi 👏
JM, lingsir kulon, 030723
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
sumber kadudud :
Komentar
Posting Komentar