MORAT-MARIT PANCATHETAN PANAMPANAN MURID ANYAR
Wekasan iki medsos Indonesia rame-rame martakake ngrembug kisruhe PPDB 'Penerimaan Peserta Didik Baru'. Kawartakake akeh para wali murid kang tumindak ora tata yaiku gawe KK 'Kartu Keluarga' tiron/palsu ngangkah supaya putra-putrine bisa katampa ing sekolah kang diancas/diener. Gonjang-ganjing ing donyane pendhidhikan ing taun wulangan anyar pranyata tansah kedadean pendhak taun saploke tatanan 'zonasi' katetepake.
Tumindak ora jujur katitik anane dol-tinuku kursi panampanane murid anyar, malsokake KK uga titipan calon murid dening pemimpin daerah.
Kepriye ta sing dadi tatanan zonasi? Tatanan zonasi katemtokake dene 'pendaftaran' /pancathetan murid anyar miturut dununge si murid adhedhasar KK kanggo nemtokake dohe saka ngomah tekan sekolahan. Tatanan zonasi iki sing nemtokake pamarentah dhaerah.
Ora adile pawiyatan ing donyane pendhidhikan kang mijil salah sijine alesan utama kenapa tatanan zonasi iki katemtokake. Kejaba iku dumadine layanan kang ora warata antarane sekolah kang kondhang (favorite, Ind) lan sekolah kang samadya tekan kang kurang dilirik.
Morat-marit utawa kekisruhan ing donyane pawiyatan mligine ing tatanan pancathetan panampanan murid anyar iki mendah mrihatinake.
Mugya pehak kang kawogan bisa ngrampungi kalawan adil lan wicaksana.
JM, sirep jalma, 200723
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar