PAMANGGIH BAB WISUDHA ING TK

   kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02ViXE3NPQuc1wVij3thaYusvATobRqjiJKN94hxJmMbJeZkH1mxygFXMpJQv4RbPZl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Ing sawetawis wekdal pungkasan punika, wonten pawartos pendhidhikan / pawiyatan nembe rame rerembagan bab pangepyakan winisudha ing pawiyatan dede sarjana, utaminipun ing "taman kanak-kanak / TK."

Suwaunipun gladhen tutup taun purnaning pendhidhikan sinebat "pepisahan (perpisahan)", lajeng ing samangke gantos jejulakanipun dados wisudha niru ing pawiyatan inggil (sarjana).


Ingkang ndadosaken rame (viral) ing cecaturan para wali murid boten bab winisudhanipun lare-lare murid TK kalawau, ananging bab wragadipun ingkang sakalangkung 'wah', mliginipun kangge para wali murid ingkang ekonominipun kalebet pas-pasan kagolong radi kirang. Punika ingkang ndadosaken kuwur / gorèh manahipun para wali murid. Kados pundi ta boten kuwur?  cobi pungalih kedah mawi "toga saperangkat" kang betahaken wragad ageng, kangge wali murid ingkang pas-pasan ekonominipun temtunipun ndadosaken ketantilan montang-manting ngantos kapeksa pados ampilan utang.


Ngantos ugi wonten satunggaling ibu-ibu wali murid TK ingkang gregetan bab wisudha punika nyobi nginggah panguneg-uneg ing WA grup TK anakipun dene wonten wara-wara acara tutup taun pendhidhikan. Isinipun bab rasukan kembaran (seragam) kang kedah punangge para siswa namung mawi rasukan sarwa pethak (mesthinipun para siswa sampun nggadhahi sadaya) boten prelu mawi "toga-toganan". 

Ujaripun wali wau ing WA grup, "Samesthine sekolah-sekolah TK iku ya kaya ngene iki! Ora prelu nganggo toga barang!" 

Lajeng nuwuhaken panyaruwe (komentar) kang nyarujuki lan kathah kang nyukani jurung inggahan kasebat. 

Ananging boten sekedhik ugi kang sulaya geseh pamanggihipun. Amargi inggahan wau sampun sumebar ing grup WA sekolah-sekolah TK sanesipun. 

Sawetawis ingkang sulaya kejawi para wali ingkang mapan ekonominipun, kathah ugi para guru  ing TK kang ngedahaken / nguwajibaken toga saperangkat rumaos punpojokaken ngengingi horegipun pamanggih punika. Para guru mbelani bilih panetepan kembaran toga sampun punsarujuki dening para tiyang sepuh minangka wali murid.


Malah wonten satunggaling komentar panyaruwe, "Aku minangka jejering ibu arep nindakake apa bae sing apik dhewe kanggo anakku". Nitik ukara makaten nedahaken bilih ibu punika estu lila ngurbanaken kangge putranipun kang punasihi.....    Ananging emanipun ngandhut raosing piangkuh/kumingsun boten ngrenggani raosing manah maring sasama ingkang kirang mapan ekonominipun.


Makaten sadulit cariosipun, nuwun sewu saha nyuwun pangaksama bilih orek-orekan kula ing ngriki adamel kisruh lan seling-serep, klentu ing tampi boten mranani ing penggalih para sutresna PBJ/GBJ.


Nuwun, mugya pinanggih jembaring raosing nala kawicaksanan sumrambah ing kita sadaya.... Gusti amberkahi.. Amin 🙏


JM, malem minggon, 010723

          ✍ eNPe ✍

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN