Postingan

SEKAR ALUM LAN GARING

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2810227335923052&id=1684548218490975 Sekar alum lan garing, raina gumanti ratri sandhang pangan datan kendhat kaperlokake Lamun den rasa sepi sapa sing mangerteni lamun den kuwur ati sapa sing migatekake Sing kok tampa luwih isih rumangsa kurang sing kok prelokake nora mesthi kok tampa Datan kapreloake soroting surya lan rembulan Sang Khalik kang badheya madhangi Sirna kuwuring ati Gusti anjangkung kita tentrem rahayu salaminya kang tinampa Bageya kelanggengan, puja-puji konjuk Gusti puji sokur berkahing kang pinesthi JM, gagat bangun, 41020        dening eNPe           ####00#### Bunga 'kan layu kering, siang berganti malam sandang pangan pasti trus dibutuhkan Bila kaurasa sepi, siapa yang memahami Jika kau bingung, siapa yang memperhatikan Yang kauterima lebih masih kaurasa kurang dan yang kauperlukan tak pasti diterima Di sana takan perlu surya dan si...

UKUMAN NJALARI KASANGSARAN

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2807622936183492&id=1684548218490975 Cukup akeh paripolahe manungsa kanggo nutupi kaluputane, katitik mawa ngarang crita goroh banjur ngluputake wong liya nedya nylametake awake dhewe. Wusanane ndadekake wong liya sing diluputake atas kaluputane kang ora nate tinindakake.  Juru apus kang dhemen dadi paseksi goroh mrana mrene gawe pitenah. Sepisan ngapusi awit saka kaluputane, racake kasusul gawe goroh maneh kanggo nutupi kaluputane mau. Elinga, sapa bae kang tumindak luput kudu legawa nampa ganjarane minangka ukuman. Emane akeh uwong kang nyelaki ukuman lan ngupaya benerke awake dhewe mawa maneka warna polah, gawe alesan ora tinemu nalar. Pangrasa atine wus katutup ora duwe rasa isin gembar-gembor kaya dene tumindake rumangsa bener dhewe.  Akeh contone ing warta-warta medsos utawa tv2, para kang kadakwa prakara upaya gawe bukti palsu malah nyewa sang pembela karo ndengengeke sirahe lan nepuk dh...

PRIHATINING PAGELARAN DEMOKRASI

      kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2805782473034205&id=1684548218490975 Lamun den gagas ngenes rasaning nala sing jare jejuluk wakil kawulaning praja hamung ngudi golek dhampar pangwuasa tega nglirwake pepakon tatanan praja kang tundhone gawe kapitunane kawula Pilkada, pilkada ... apa iku sing dadi tameng semune kanggo mujudake hak pilih warga apa ya rakyat kang nedya slamet saka memala  ing pagelaran demokrasi bisa uwal saka korona apa ora malah nambah kurban ing kawulaning praja? Negri lagi kataman perang swara lan bleger datan ngegla bebaya sawayah-wayah bisa nrajang datan bisa denselaki samya prahara memala ambyar ngrembaka He pra pandheganing nagara pra pamong praja kang pinracaya coba samya anggagas tinemu cara murih bisaa kabendung ambyare memala  ing tengahing masarakat sabangsa JM, madya raina, 29920         dening eNPe

MAHA DIGDAYANE GUSTI

    kapacak uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2803596486586137&id=1684548218490975 Tumraping wong kang jejibahane ing segara, racake wus wareg katrajang ombak lan prahara. Ing kahanan kaya mangkono wong-wong mau padha nyumurupi iba agung riptane Gusti kang ajaib. Mawa lumantaring prahara iku Gusti Allah yasa ombak gedhe. Sajroning ngadhepi kahanan ombak gedhe, wong-wong iku kayadene diuncalke munggah-mudhun lan arep diklelepake ing jroning samodra. Atine ciut tambah giris kuwatir ketaman kacilakan. Segara minangka kanugrahaning Gusti sing jembar lan katon anteng, datan kinira nyimpen kekuwatan kang nggegirisi tumraping manungsa. Samangsa manungsa ngadhepi kadigdayan praharane alam, manungsa ora kuwawa, krana mangkono ora ana liya hamung nyuwun pitulungane Gusti. Iya kadya mangkono ing urip pendhak dinane saben wong pracaya yen kita nggumantungake lan sesambat mring Gusti temahan bisa linuwaran saka rasa sesaking urip lan rasa kuwatir. Panjenengane...

JERITING ANAK ILANG

     kaemot uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2803089436636842&id=1684548218490975 Aku kangen mulih padunungan sarwa tentrem ing kana kebak sukarena lan karaharjan tansah binabar Ya ing omahku pikoleh tetamba ati semplah lan was-was ya mranaa, enggal mranaa... gumregut rasa kapangku Dhuh biyung lan bapa ngreridhu rasaning nala dennya enggal kepengin bali durung bisa kapan pinesthi Sinengker kahanan nggegirisi memala kang datan keksi aran covid19 tan kendhat gawe getering pra umat JM, wancisidhem, 26920         dening eNPe

PAGEBLUG AMBYAR NGREMBAKA

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2802482596697526&id=1684548218490975 Jroning winih sinebar bakal ana kembang arum  Jroning enthung ana janji kupu bakal mabur Ing mangsa kekes gumregah krukuban singeb Nora ana kang bisa siningid samubarang kapirsanan Gusti Jroning swasana sidhem ana gurit lan kekidungan Jroning saben pepeteng kasusul pletheking padhang Wanci wus kapungkur tatanan urip anyar wus prapti Nora ana kang bisa siningkur samubarang kapirsanan Gusti Jroning panas ngenthak sumebar ara-ara samya mlethek Satengahe ngendheg bebaya ana paripolah kang nora tata Krana nora nurut pra warga pageblug ambyar ngrembaka Nora ana kang bisa sinidhem samubarang kapirsanan Gusti JM, esukkekes, 26920         dening eNPe

TETEMBUNGAN BOB SADINO -pitutur wicak-

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2800369400242179&id=1684548218490975 Wigatine tetembungan lawas tulisane Bob Sadino alm. : Sedulur-sedulurku...., Rikala kita manganggo jam tangan regane 500 ewu utawa 50 yuta, sakarone jam iku nuduhake wektu padha. Samangsa kita nunggang pit regane 100 yuta utawa 1 yuta..., tetep bae padha-padha ngetokake kringet. Nalika kita nggawa tas utawa dhompet regane 500 ewu utawa 5 yuta, sakarone padhadene bisa mbantu nggawa saperangan barang/dhuwit. Wektu kita manggon ing omah sing ambane 50 m2 utawa 5 ewu m2, rasa sepi sing kita alami ya padha bae. Nalika kita mabur nganggo klas utama utawa klas ekonomi, yen montor mabure ceblok kita uga padha-padha katut ceblok. Sedulur-sedulurku....,  Katentreman lan karahayon sajati dumadine dudu saka bandha donya. Kawuningana nalika kita nduweni sisihan, anak, kanca raket, kanca anyar utawa lawas.... njur bisa ngobrol, geguyonan, ngguyu bebarengan, nyanyi-nyanyi, crita ngalo...

BIYEN.... BIYIIN.... BIYEENNN !! #panglipur_driya

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2799410787004707&id=1684548218490975  Biyen, IMAN sing kudu kuwat Saiki, IMUN sing dadi wigati  (donya sing waspada! 😷) Biyen, yen wong wahing ujare Alhamdulillah dawa umure! Saiki, wong wahing..., dianggep lagi lara lan nggawa mala.  (donya lagi gonjang-ganjing! 🤧)  Biyen, guyub gawe santosa Saiki, guyub bebarengan bisa gawe bubrah (donyane wis kulawik-lawik ehh.. kuwalik! 🙊) Biyen, tamu rawuh.. seneng marga dianggep nggawa berkah Saiki, ana tamu dianggep nggawa memala (wadhuh apa tumon donya payah kih! 😳) Biyen, yen ketemu padha salaman Saiki, ketemu padha mlengos ngadoh (ehh.. donya lagi kudhisen pa ya! 🏃‍♂️) Biyen, njero tas sangu parfum  Saiki, isine hand sanitiser lan tissue (donya lagi ketaman kekuwatiran! 😥) Biyen, esem sing diandum Saiki, masker sing didum-dumke (hehehh... donya lagi ketaman reribed! 😷) Biyen, tembung "NEGATIP" ora apik Saiki, tembung "POSITIP" or...

PAK TANI ANYEBAR WIJI -pasemon-

      kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2796550690624050&id=1684548218490975 Wiji sing tiba ing sauruting dalan, banjur dicucuki manuk. Sing tiba ing lemah padhas lemahé tipis, nuli thukul, bareng srengéngé saya dhuwur, winih mau banjur alum,  dadi garing lan mati, awit oyodé ora jero. Wiji sing tiba ana ing satengahé thethukulan eri.  Bareng thethukulané eri mau saya gedhé, winih mau kelindhih, temahan mati. Nanging ana sing tiba ing lemah subur, temahan padha metokaké woh;  ana sing wohé tikel satus, ana sing tikel sewidak, lan ana sing tikel telung puluh. Kelakon temenan apa sing diweca déning Nabi Yésaya, mengkéné: ‘Kowé bakal bola-bali krungu, nanging ora ngerti; kowé bakal bola-bali ndeleng, nanging ora sumurup." Werdine pasemon mau mangkene ,   Yèn ana wong sing padha krungu piwulang bab Kratoné Allah, nanging ora ngerti, Iblis banjur teka lan ngrebut piwulang sing disebar ing atiné. Kuwi ibaraté wiji sing dis...

ANYEBAR WINIH KAYEKTEN

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2796354440643675&id=1684548218490975 Kita anyebar winih kayekten wanci esuk, raina lan ratri Angantu wanci panen uwoh nglumpuk, marem ing ati Sebaren jroning padhang lan peteng nadyan sang bayu anyempyok kenceng Karya lan upaya kinabulna uwoh nglumpuk, bagya ing driya Jroning duhkita kita anyebar nadyan sangsara, kita temtu wijaya Tangis mendha, panglipure Gusti kababar uwoh nglumpuk, bagya ing nala JM, #guritpanglipur, 20920          dening eNPe ####+++#### Kita menaburkan biji kebenaran pada pagi hari, siang dan petang; kita menantikan waktu penuaian: pasti ada hasil, hati pun senang. Taburkanlah dalam t'rang dan kegelapan, walaupun angin bertiup kencang; kerja dan usaha akan digenapkan: pasti ada hasil, hati pun senang. Dalam kesedihan kita menaburkan; walaupun sengsara, kita pasti menang; saat tangis hilang, Tuhan menghiburkan: pasti ada hasil, hati pun senang.

ELINGA SIH KADARMANE GUSTI

      kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2794530234159429&id=1684548218490975 Lepya iku jamak. Nanging lamun kerep lepya apa maneh bab-bab sing baku bisa banget nyumelangi. Kayadene gawe rendhet gawean, pasinaon, leladi mring planggan kita lsp lsp. Nglalekake utawa nglirwakake kadarmane Gusti iku mbebayani tumraping karohanen kita. Nglalekake kepara nyepelekake pitulungan lan akaryane Gusti jroning urip kita katitik gampange kita ngersula lan besengut nalika ngadhepi karibedan lan pacoban. Ing kahanan kang luwih ora elok nalika nampa pacoban, malah kita nglawan kadya ngluputake kenapa Gusti ninggal lan ngejarake ing pacoban iku? Kepriye carane Gusti ngelingake para umat-E saka ing kalepyane? Paukuman ya bebendu iku mujudake upaya supaya umat titahe bali ngabekti mring Panjenengane. Aywa salah tampa, dene Gusti Allah lagi nyebar rasa kekuwatiran. Kawuningana, wondene bebendune Gusti iku sejatine linandhesan rasa Sih katresnan-Ne kang ora...

RANCANGANE GUSTI

     kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2792934284319024&id=1684548218490975 Rancangane Gusti jroning uripku datan keksi dening panjangkaku Nadyan adoh saka ing sinedyaku Gusti sinung yekti sarwa becik tumrapku Kabul-kasinungane Gusti tumrap dongaku tansah endah ing titi wanci sestu Nadyan suwe pangantu-antuku Gusti sinung yekti sarwa becik tumrapku Puja puji konjuk mring Gusti-ku awit saliring berkah rahayu Rumuntuh sumilir wawantu-wantu dugeng ing pangantu rinten dalu JM, sandyakala, 16920       dening eNPe   ====+++===++++     Rancangan Tuhan dalam hidupku     tak terselami oleh akalku.     Walaupun jauh dari maksudku,     rancangan Tuhanku baik semuanya.    Jawaban Tuhan atas doaku,     selalu indah pada waktunya.     Biarpun lama penantianku,     rancangan Tuhanku baik semuanya     Puji syukur kupanjatkan Tuhan   ...