MAHA DIGDAYANE GUSTI

    kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2803596486586137&id=1684548218490975

Tumraping wong kang jejibahane ing segara, racake wus wareg katrajang ombak lan prahara. Ing kahanan kaya mangkono wong-wong mau padha nyumurupi iba agung riptane Gusti kang ajaib. Mawa lumantaring prahara iku Gusti Allah yasa ombak gedhe.

Sajroning ngadhepi kahanan ombak gedhe, wong-wong iku kayadene diuncalke munggah-mudhun lan arep diklelepake ing jroning samodra. Atine ciut tambah giris kuwatir ketaman kacilakan.


Segara minangka kanugrahaning Gusti sing jembar lan katon anteng, datan kinira nyimpen kekuwatan kang nggegirisi tumraping manungsa. Samangsa manungsa ngadhepi kadigdayan praharane alam, manungsa ora kuwawa, krana mangkono ora ana liya hamung nyuwun pitulungane Gusti.


Iya kadya mangkono ing urip pendhak dinane saben wong pracaya yen kita nggumantungake lan sesambat mring Gusti temahan bisa linuwaran saka rasa sesaking urip lan rasa kuwatir. Panjenengane bisa nyirep ombaking panguripan, bisa nylametake saka ing kekuwatan alam lan ngentasake saka karuwetan urip. Gusti Allah tansah nganthi lan nuntun pra umat-E nemokake dalan saka ing reribeting urip tumuju karahayon.

Ing kahanan kaya mangkono iku prayoga kita atur pamuji sokur atas Sih-kasetyan lan Mahakawasa-Nya awujud kekidungan kanggo ngagungake lan mulyakake Asma-Nya.


Krana mangkono iku kita ora kena hamung nyepelekake saliring kahanan pendhak dinane lan nganggep entheng yen Gusti bakal ngrampungake kabeh karuwetaning urip kita. Lamun kita ora upaya lan ngreksa urip ing dalan kayekten nunggil karo Gusti, mokal bakal bisa uwal saka reribed lan sawernane praharaning urip.


Mulane kita prayogya tansah sumendhe lan nyadhong Sih kadarmaning Gusti minangka Juru Wilujeng sajati.... Amin.


Sugeng ngibadah Minggu ..,

Gusti amberkahi.... Amin 🙇‍♂️


JM, minggu_kppat, 27920

         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN