BUWANG RASA IRI, MERI & DRENGKI

       kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2778676342411485&id=1684548218490975

Apa kita tau migatekake ana wong tukar-padu karo sadulure tunggal bapa-biyung? Utawa, aja-aja ing antarane kita ana sing tau ngalami. Kenapa pepadon bisa dumadi? racake dumadi saka rasa iri ati lan drengki kang bisa mletikake pepadon, regejegan tundhone bisa gawe cecongkrahan paseduluran. Iri ati utawa meri ora mbedakake golongan saka ing kalangan masarakat apa bae. Ora mung merga dumadi ing wong kang kondhang utawa ora, nanging uga bisa dumadi ing tengahe kulawarga. 


Nyipati kahanan ing pungkasan iki, ya ing negara Indonsia sing arep nganakake gelaran demokrasi Pilkadha hawane politik wus wiwit anget kepara panas. Ing kalangan masarakat lan tokoh-tokoh politik padha rebut pengaruh golek swara kanggo menangake jagone, ing kahanan kaya ngene iki bisa gawe dumadine iri, meri lan drengki ing satengahe masarakat kawulaning negara.

Iba emane yen kahanan kaya mangkono ora bisa dikendhaleni awit bisa gawe ribed lan padudon cecongkrahan mecah rasa paguyuban urip bebrayan ing tengahe kawulaning praja ya negara Republik Indonesia kang kita tresnani.


Ayo pra kadang nunggal bangsa kita singkuri lan buwangen rasa iri, meri lan drengki, awit iku kabeh ora bakal nggawa kabecikan, kosok baline malah gawe kapitunan kita kabeh kayadene buwang-buwang wektu, tenaga, prasaan lsp.

Sajroning kita nedya nggayuh nglumpukake swara, kajujuran kang sinedya iku kang utama. Eling masarakat kawulaning praja saiki wus lantip lan pinter nemtokake pilihane.


Ayo kita padha sayuk-sayuk rukun ambangun mulyane praja krana nengenake guyub rukun kanggo santosaning NKRI, buwang rasa iri, meri lan drengki. Ajen-ingajenan ing antaraning warga bangsa iku kang utama kanggo anggayuh sedyane negara masarakat kerta raharja tumujweng Indonesia maju.

Gusti Allah ngersakake para umate rumaketa pasedulurane urip rukun tresna tinresnan mring sapepadha minangka dhawuhe Gusti kang utama.


Sumangga pra kadang kinasih!

Gusti amberkahi ... Amin 🙏


 JM, madyaraina, 01920

        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN