PAK TUWA LAN KEMUL

       kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2786529734959479&id=1684548218490975

Ana pak tuwa papa, sandhangane lungset mlebu sawijining toko misuwur. Para langganan toko iku (racake sugih2) nyumurupi pak tuwa iku sajak krasa gumun. Nanging ora mangkono tangkepe tumrap sing duwe toko.


Sing duwe toko aruh-aruh grapyak, :"Ngersakke napa pak?"

Si pak tuwa clathu : "Aa..nu.. Kula ajeng tumbas kemul 6 lembar kangge kula lan anak bojo kula. Nanging...,", wangsulane pak tuwa gojag-gajeg.

Sing duwe toko : "Nanging kenging napa pak?"


"Ku..kula namung gadhah yatra 100 reyal. Napa cekap kangge tumbas 6 lembar kemul? Boten usah sing sae, sing baken saged kangge njagi awak saking hawa asrep", ujare pak tuwa polos.


Sing duwe toko aweh wangsulan : "Oooh... cekap kok pak! Kula gadhah kemul saking Turki, regine namung 20 reyal mawon. Yen bapak tumbas 5 lembar, kula sukani hadhiah setunggal lembar."

Lega rasane pak tuwa iku raine sumringah. Dheweke ngelungake dhuwit 100 reyal, njur nggawa mulih kemule.


Kancane sing duwe toko wiwit saka mau delengke lan ngrungoke wawan rembug iku banjur takon mring sing duwe toko.

"Apa ora salah iku? Kowe kandha kemul iku apik dhewe lan larang regane sing ana tokomu iki. Wingi kowe adol nyang aku 450 reyal. Kenapa saiki kok adol nyang wong tuwa iku mung 20 reyal?", protese karo gumun.


Sing duwe toko mangsuli : "Bener! pancen regane kemul 450 reyal, lan tak dol ora kurang ora luwih. Nanging wingi aku dodolan karo uwong piyayi sugih, saiki aku dodolan karo wong sing diutus Gusti Allah".

"Atas asmane Allah! Sejatine aku ora melik dhuwite sethithika. Nanging aku nedya njaga pangrasane wong tuwa mau supaya ora ngrasakake yen nampa sedhekah nganti ndadekake isinne."


"Sejatine aku uga kepingin wong tuwa mau lan kulawargane kasingkirna saka adheme hawa sing sedhela maneh bakal teka. Mangkono uga aku duwe pangajap Gusti Allah nyingkirake aku lan kulawargaku saka bebendu panase nraka.


JM, sirep bocah, 09920

       dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN