PAK TANI ANYEBAR WIJI -pasemon-
Wiji sing tiba ing sauruting dalan,
banjur dicucuki manuk.
Sing tiba ing lemah padhas lemahé tipis,
nuli thukul, bareng srengéngé saya dhuwur, winih mau banjur alum,
dadi garing lan mati, awit oyodé ora jero.
Wiji sing tiba ana ing satengahé thethukulan eri.
Bareng thethukulané eri mau saya gedhé,
winih mau kelindhih, temahan mati.
Nanging ana sing tiba ing lemah subur,
temahan padha metokaké woh;
ana sing wohé tikel satus, ana sing tikel sewidak, lan ana sing tikel telung puluh.
Kelakon temenan apa sing diweca déning Nabi Yésaya, mengkéné: ‘Kowé bakal bola-bali krungu, nanging ora ngerti; kowé bakal bola-bali ndeleng, nanging ora sumurup."
Werdine pasemon mau mangkene ,
Yèn ana wong sing padha krungu piwulang bab Kratoné Allah, nanging ora ngerti, Iblis banjur teka lan ngrebut piwulang sing disebar ing atiné. Kuwi ibaraté wiji sing disebar lan tiba ing sauruting dalan.
Déné wiji sing disebar lan tiba ing tanah padhas, kuwi ibaraté wong sing padha ngrungokaké, nuli precaya marang piwulang mau klawan bungah.
Nanging pangandika mau durung rumesep temenan ing atiné. Bareng nemahi kasusahan lan panganiaya merga saka enggoné precaya mau, wong mau tumuli murtad.
Déné wiji sing tiba ing satengahé thethukulan eri, kuwi ibaraté wong-wong sing padha ngrungokaké pangandika lan precaya, nanging banjur padha sumelang banget, yèn merga pangandika mau banjur ora bisa ketutugan karepé enggoné arep urip mubra-mubru ana ing donya kéné. Mulané pangandika sing kasebar mau ora ngetokaké woh ing wong mau.
Déné pangandika sing sinebar ing lemah subur, kuwi ibaraté wong sing padha ngrungokaké pangandika mau lan precaya kanthi mantep. Mulané wong mau ngetokaké woh akèh, ana sing tikel satus, ana sing tikel sewidak, lan ana sing tikel telung puluh."
Sugeng ngibadhah dinten Minggu.
Gusti amberkahi.... Amin 🙇♂️
(kadudud Mat 13:4-8, 14, 19-23)
JM, #mingguesuk, 20920
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar