PAGEBLUG AMBYAR NGREMBAKA

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2802482596697526&id=1684548218490975

Jroning winih sinebar

bakal ana kembang arum 

Jroning enthung ana janji

kupu bakal mabur

Ing mangsa kekes

gumregah krukuban singeb

Nora ana kang bisa siningid

samubarang kapirsanan Gusti


Jroning swasana sidhem

ana gurit lan kekidungan

Jroning saben pepeteng

kasusul pletheking padhang

Wanci wus kapungkur

tatanan urip anyar wus prapti

Nora ana kang bisa siningkur

samubarang kapirsanan Gusti


Jroning panas ngenthak

sumebar ara-ara samya mlethek

Satengahe ngendheg bebaya

ana paripolah kang nora tata

Krana nora nurut pra warga

pageblug ambyar ngrembaka

Nora ana kang bisa sinidhem

samubarang kapirsanan Gusti


JM, esukkekes, 26920

        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN