BIYEN.... BIYIIN.... BIYEENNN !! #panglipur_driya
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2799410787004707&id=1684548218490975
Biyen, IMAN sing kudu kuwat
Saiki, IMUN sing dadi wigati
(donya sing waspada! đ·)
Biyen, yen wong wahing ujare Alhamdulillah dawa umure!
Saiki, wong wahing..., dianggep lagi lara lan nggawa mala.
(donya lagi gonjang-ganjing! đ€§)
Biyen, guyub gawe santosa
Saiki, guyub bebarengan bisa gawe bubrah (donyane wis kulawik-lawik ehh.. kuwalik! đ)
Biyen, tamu rawuh.. seneng marga dianggep nggawa berkah
Saiki, ana tamu dianggep nggawa memala
(wadhuh apa tumon donya payah kih! đł)
Biyen, yen ketemu padha salaman
Saiki, ketemu padha mlengos ngadoh
(ehh.. donya lagi kudhisen pa ya! đ♂️)
Biyen, njero tas sangu parfum
Saiki, isine hand sanitiser lan tissue
(donya lagi ketaman kekuwatiran! đ„)
Biyen, esem sing diandum
Saiki, masker sing didum-dumke
(hehehh... donya lagi ketaman reribed! đ·)
Biyen, tembung "NEGATIP" ora apik
Saiki, tembung "POSITIP" ora apik
(donya bener2 horeg! đ)
Biyen, tilik wong tuwa nggawa kabagyan
Saiki, tilik wong tuwa ngira nggawa kasangsaran
(tobil2... donya aeng2 ae! đ)
Biyen, wijik tangan yen arep mangan
Saiki, ing ngendi-endi diakon wijik tangan ning ora diwenehi mangan
(yahhh donya tega ya, wong ngelih mung dicepaki "wijikan" đđ)
ADHEPI URIP RESIK SEHAT! KANTHI NURUT & EKLAS
DONYA PANCEN WIS ANA OWAH2AN
MLEBU ING LUMRAHING TATANAN ANYAR
SARWA URIP RESIK, SEHAT, TEMATA, AJA NGERSULA
Jaman #NOW! " #Nang_Omah_Wae"!
Ora ana samubarang LANGGENG ing donya iki!
Urip iku mung mampir ngombe!
(dhelok2 ngelak! )đ€Łđ€Ł
Ayo mesem... mesem meneh
Ayo ngguyu... ngguyu meneh
yen ngguyu aja seru2 , lannnn ....
aja nguya-nguyu dhewe lho! hehe heee...!
JM, #panglipurdriya, 23920
rinakit dening eNPe
Komentar
Posting Komentar