LAMUN JRONING JURANG
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2780271372251982&id=1684548218490975
Lamun jroning jurang siningkir jiwaku
tambahing umur, sangsaya cedhak lakuku
Sih kang suci tansah ngayomi aku
yeku kanugrahaning Gusti-ku
Jroning perihing driya ing sidhem limenge dalu
sadulur lan kadangku ninggalke playu
kaprungu swara lembut merdhu
sabdaning Gusti gawe tentreming kalbu
Prang lawan dosa, iba tanpa daya iki
dennya datan kuwawa pati angampiri
aku sujud sokur kasantosan dening imanku
berkah Sih-katresnane Gusti-ku
Satengahing nandhang sakit, pati wus cumepak
jroning ngaso ati semplah lan napas sesak
krana usapan Asta-Nya, sanalika musna sakitku
iba Astane Gusti kang mengku uripku
Alunan sangsakala merdhu sasautan
jiwaku tentrem ngayubagya tumedhake karaharjan
ngungun binarung sumiliring sang bayu
oo.. tuhu sestu rawuhe Gusti-ku
JM, lingsir wengi, 03920
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar