AYWA WEDI

     kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2782326612046458&id=1684548218490975 

Aywa wedi ndika ngandharake kayekten

aywa amung sigeg lamun ana kadurakan

kajujuran yeku laku kang utama

kadya kang dikersakake Gusti Allah-ira


Aywa wedi ngakoni kaluputan

aywa upaya nganggep benere dhewe

yeku patrap tuhu ing ayunane Kang Ma Wisesa

mangkono uga ing ngarepe sapepadhanira

 

Aywa wedi ujar 'ora!'

samangsa sira kabujuk tumindak duraka

Aywa kapilut ing ajakan nora pinuji

kudu wani lan tatag anyingkuri


Tumindak jujur lan adil patrap sarwa pinuji

yeku darmaning umat titahe Gusti 

Denya lumaku anaing bebener sayekti

setya tuhu mring pepakon dhawuhe Gusti

 

JM, gagatbangun, 05920

       dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN