ELINGA SIH KADARMANE GUSTI

      kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2794530234159429&id=1684548218490975

Lepya iku jamak. Nanging lamun kerep lepya apa maneh bab-bab sing baku bisa banget nyumelangi. Kayadene gawe rendhet gawean, pasinaon, leladi mring planggan kita lsp lsp.

Nglalekake utawa nglirwakake kadarmane Gusti iku mbebayani tumraping karohanen kita. Nglalekake kepara nyepelekake pitulungan lan akaryane Gusti jroning urip kita katitik gampange kita ngersula lan besengut nalika ngadhepi karibedan lan pacoban. Ing kahanan kang luwih ora elok nalika nampa pacoban, malah kita nglawan kadya ngluputake kenapa Gusti ninggal lan ngejarake ing pacoban iku?

Kepriye carane Gusti ngelingake para umat-E saka ing kalepyane?

Paukuman ya bebendu iku mujudake upaya supaya umat titahe bali ngabekti mring Panjenengane. Aywa salah tampa, dene Gusti Allah lagi nyebar rasa kekuwatiran. Kawuningana, wondene bebendune Gusti iku sejatine linandhesan rasa Sih katresnan-Ne kang ora ngersakake umat titahe saya keblinger ing tumindak dosa, murih bisaa bali ing dalan kang bener ora sangsaya blasar. 

Ukuman utawa bebendu mau (bisa awujud kayata pageblug Covid-19) tansah ngandhut pepeling kang sipate pendhidhikan karohanen tumuju pamratobat mring umat kagunganNe kang kinasih.

Kepriye tumraping kita? Apa kita uga wiwit nglalekake kabecikane Gusti amarga kita lagi ana ing karibedan? Apa kita iya besengut grundelan jalaran donga kita sing durung kinabulake? Apa kita wiwit kendho kapracayan kita mring Gusti amarga reribeding urip kang durung rampung-rampung? 

Kepriyea maneh, elinga mring sih kadarmane Gusti, aywa nganti nglalekake pitulungane Gusti kang wus nate kaparingake. Panjenengane iku Allah kang ora owah gingsir. Sih kadarman lan kanugrahan-Ne tetep padha lan nyata ing sakawit, saiki lan salawase.

Lamun biyen Panjenenganne nate paring pitulungan ing wektu kang pas miturut kita, saiki uga iya sagah mitulungi kang becik lan endah dhewe mring kita. Aywa nganti kita nglalekake sih kadarman-Ne awit iku bisa nyantosaake lan neguhake iman kapracayan kita jroning ngadhepi sawernane pacoban murih luwih becik kita tansah sumendhe lan tansah ana ing pangayunane Gusti.

Gusti amberkahi.... Amin Amin 🙇‍♂️


JM, pajar sidik, 18920

        dening eNPe


  #####+++#####


Lupa itu lumrah. Namun, sering lupa, apalagi terhadap hal-hal yang penting, sangat membahayakan kita yg pada gilirannya bisa menghambat pekerjaan, pendidikan, pelayanan, bahkan relasi kita.

Melupakan kebaikan Tuhan itu berbahaya bagi pertumbuhan rohani kita. Melupakan pertolongan dan karya-Nya dalam hidup kita akan membuat kita mudah bersungut-sungut ketika menghadapi kesulitan. Ketika kita melupakan kebaikan Tuhan dalam hidup kita, di saat itulah mulai cenderung memberontak kepada Tuhan.

Bagaimana cara Tuhan mengingatkan umat-Nya dari kelupaan? Hukuman adalah satu-satunya cara untuk membuat umatnya berbalik kepada Tuhan. Namun, jangan kita berprasangka bahwa Tuhan sedang menebar teror di tengah umat-Nya. Di satu sisi, hukuman Tuhan selalu dilandasi oleh kasih-Nya yang tidak menginginkan umat-Nya makin terjebak dan terperosok lebih jauh ke dalam perbuatan dosa. 

Di sisi lain, hukuman (seperti halnya wabah Covid-19) selalu memiliki aspek pendidikan. Tuhan mendidik umat-Nya karena status mereka sebagai umat pilihan-Nya yg dikasihi.

Bagaimana dengan kita? Apakah kita sudah mulai melupakan kebaikan Tuhan karena masalah yang menghimpit? Apakah kita mulai bersungut-sungut karena doa yang belum atau tidak dijawab? Apakah kita mulai ragu kepada Tuhan karena kesulitan hidup yang tak kunjung usai? Bagaimanapun juga, ingatlah kebaikan-Nya dan jangan melupakan pertolongan Tuhan yang pernah dinyatakan-Nya dalam hidup kita. Ia adalah Allah yang tidak berubah. Kebaikan dan anugerah-Nya tetap sama dan selalu nyata dari dulu, sekarang, sampai selamanya.

Jika dulu Ia menolong kita tepat pada waktu-Nya, saat ini Ia juga sanggup menolong dan memberikan yang terbaik kepada kita. Jangan lupakan kebaikan-Nya karena itulah yang akan menguatkan dan meneguhkan iman kita saat menghadapi kesulitan. Mari kita makin mendekat kepada-Nya dan selalu ingat kebaikan-Nya. 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN