PRIHATINING PAGELARAN DEMOKRASI
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2805782473034205&id=1684548218490975
Lamun den gagas ngenes rasaning nala
sing jare jejuluk wakil kawulaning praja
hamung ngudi golek dhampar pangwuasa
tega nglirwake pepakon tatanan praja
kang tundhone gawe kapitunane kawula
Pilkada, pilkada ... apa iku sing dadi tameng
semune kanggo mujudake hak pilih warga
apa ya rakyat kang nedya slamet saka memala
ing pagelaran demokrasi bisa uwal saka korona
apa ora malah nambah kurban ing kawulaning praja?
Negri lagi kataman perang
swara lan bleger datan ngegla
bebaya sawayah-wayah bisa nrajang
datan bisa denselaki samya
prahara memala ambyar ngrembaka
He pra pandheganing nagara
pra pamong praja kang pinracaya
coba samya anggagas tinemu cara
murih bisaa kabendung ambyare memala
ing tengahing masarakat sabangsa
JM, madya raina, 29920
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar