RANCANGANE GUSTI

     kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2792934284319024&id=1684548218490975

Rancangane Gusti jroning uripku

datan keksi dening panjangkaku

Nadyan adoh saka ing sinedyaku

Gusti sinung yekti sarwa becik tumrapku


Kabul-kasinungane Gusti tumrap dongaku

tansah endah ing titi wanci sestu

Nadyan suwe pangantu-antuku

Gusti sinung yekti sarwa becik tumrapku


Puja puji konjuk mring Gusti-ku

awit saliring berkah rahayu

Rumuntuh sumilir wawantu-wantu

dugeng ing pangantu rinten dalu


JM, sandyakala, 16920

      dening eNPe

  ====+++===++++


    Rancangan Tuhan dalam hidupku

    tak terselami oleh akalku.

    Walaupun jauh dari maksudku,

    rancangan Tuhanku baik semuanya.


   Jawaban Tuhan atas doaku,

    selalu indah pada waktunya.

    Biarpun lama penantianku,

    rancangan Tuhanku baik semuanya


    Puji syukur kupanjatkan Tuhan

    atas segala berkah sejahteramu

    mengalir deras tanpa henti

    sampai pada panantian siang malam


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN