JERITING ANAK ILANG
kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2803089436636842&id=1684548218490975
Aku kangen mulih
padunungan sarwa tentrem
ing kana kebak sukarena
lan karaharjan tansah binabar
Ya ing omahku pikoleh tetamba
ati semplah lan was-was
ya mranaa, enggal mranaa...
gumregut rasa kapangku
Dhuh biyung lan bapa
ngreridhu rasaning nala
dennya enggal kepengin bali
durung bisa kapan pinesthi
Sinengker kahanan nggegirisi
memala kang datan keksi
aran covid19 tan kendhat
gawe getering pra umat
JM, wancisidhem, 26920
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar