TETEMBUNGAN BOB SADINO -pitutur wicak-
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2800369400242179&id=1684548218490975
Wigatine tetembungan lawas tulisane Bob Sadino alm. :
Sedulur-sedulurku....,
Rikala kita manganggo jam tangan regane 500 ewu utawa 50 yuta, sakarone jam iku nuduhake wektu padha.
Samangsa kita nunggang pit regane 100 yuta utawa 1 yuta..., tetep bae padha-padha ngetokake kringet.
Nalika kita nggawa tas utawa dhompet regane 500 ewu utawa 5 yuta, sakarone padhadene bisa mbantu nggawa saperangan barang/dhuwit.
Wektu kita manggon ing omah sing ambane 50 m2 utawa 5 ewu m2, rasa sepi sing kita alami ya padha bae.
Nalika kita mabur nganggo klas utama utawa klas ekonomi, yen montor mabure ceblok kita uga padha-padha katut ceblok.
Sedulur-sedulurku....,
Katentreman lan karahayon sajati dumadine dudu saka bandha donya.
Kawuningana nalika kita nduweni sisihan, anak, kanca raket, kanca anyar utawa lawas.... njur bisa ngobrol, geguyonan, ngguyu bebarengan, nyanyi-nyanyi, crita ngalor-ngidul maneka warna, ambage pangalaman lucu nyenengake utawa ora..., kabeh iku mujudake katentreman lan karahayon sajati.
Bab penting kang patut diresepake/digagas jroning urip :
1. aja ndhidhik anak-anakmu memba-memba dadi sugih. Dhidhika kepriye supaya bisa nemu kayektene katentreman lan karahayon, temahan besuke yen wus diwasa ora ngukur samubarang bab saka regane bae.
2. Tetembungan kang bisa kapethik :
"Panganen pangananmu minangka sarana usada (jamu & obat2an)... dene yen ora, .. kowe bakal mangan jamu & obat2an minangka dadi pangananmu!"
3. Sapa kang nresnani awakmu ora bakal ninggalake awakmu marga saka anane 100 alesan kanggo pasrah, nanging cukup 1 alesan kanggo tetep setya.
4. Akeh bedane antarane manungsa & dadi manungsa... hamung wong kang wicak kang bisa mengerteni bab iki..?
5. Urip iku antarane "lair lan mati".., ya ing antarane iku ana "pilihan" urip kang kita lakoni, bisa ginayuh jalaran katemtokake pas orane saben pilihan kita.
Para kadang kinasih,
Lamun sliramu nedya lumaku rikat, lumakua dhewe. Nanging yen sliramu kepengin mlaku adoh, mlakua bebarengan.
Ing kene ana 6 dhokter kang becik dhewe :
1. kulawarga utawa brayat
2. ngaso cukup
3. olah raga/salira
4. mangan sehat
5. kanca ya para kadang
6. ngguyu
Nikmatana urip kanthi sumendhe marang Gusti Allah kang kagungan urip iki.
Salam tentrem rahayu pinangkane saka Gusti Kang Maha Asih.... Amin Amin 🙇♂
JM, ️lingsir wengi, 24920
dening eNPe
kajarwakake saka sumber : https://nasihatcanggih.blogspot.com/2020/09/ini-ada-kata2-lama-dari-bob-sadino-yang.html
Komentar
Posting Komentar