PATRAP KITA NGADHEPI RUSAKING ALAM
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2791114324501020&id=1684548218490975
Reribeding/rusaking alam apa marga Gusti paring paukuman mring manungsa?
Sawernane kali padha asat garing, tuking banyu mandheg ora mili, lemah padha garing grangsang, sumber-sumber mineral dadi rusak dadekake lemah ora subur tetanduran padha garing. Apa iku kabeh tandhane Gusti paring pepenget bab paukuman marang manungsa?
Kosok baline, Gusti Allah uga ngrumuntuhake berkah. Ing palemahan kang maune katon garing dadi lemah kang ngeloh, Gusti yasa kedhung kang ana sumure sing mancur deres banyune bisa ngebaki kedhung lan ngileni sawah-sawah. Ing kene cetha dene berkah pinangkane Gusti piyambak lemah sing maune garing dadi subur lan makmur.
Gusti Allah iku Maha Adil. Panjenengane paring paukuman marang wong kang blasar lan ngrumuntuhake berkah mring umate kang satuhu ngugemi dhawuh lan pepakone Gusti. Wong-wong kang binerkahan sangsaya ngrembaka akeh sarta datan kekurangan rejekine.
Bali mring pitakonan ing dhuwur, apa bener reribeding/rusaking alam iku mujudake ukumane Gusti awit saka paripolahe manungsa?
Kira-kira bisa kita golongake :
1. Reribed rusaking alam jalaran Gusti paring bebendu mring kadurakaning manungsa, contone kayata kutha Sodhom & Gomora.
2. Rusaking alam jalaran polahing manungsa iku dhewe, kayata kobongan alas, banjir lan longsor iku awit kasalahane manungsa negor wit-witan nganti gundul sabanjure ora ana uwit sing bisa gawe reseping banyu udan.
3. Rusaking alam lindhu gedhe amarga sacara alam ora bisa diselaki kayata mbledhose gunung lan obah mingkede lempengan lemah sajroning bumi.
Salah sijine bab kang bisa kita patrapi lan lakoni yaiku kita prelu nggagas pikiran lan tindak tanduk kita. Apa tumindak kita minangka umate Gusti kita luwih mentingake kasrakahan, utawa kita minangka umat utusanne Gusti ngopeni mrih lestarine alam.
Mulane iku ayo kita mratobat sabab bisa-bisa reribed rusaking alam lan sawernane pageblug klebu Covid-19 mujudake pepelinge Gusti Allah.
Tumrap kita kang ora ketaman langsung, kita wajib aweh pitulungan mring kadang kita kang lagi nandhang cilaka lan lelara. Bisa werna2 wujude upamane keklumpuk dhana, mituhu dhawuhe petugas pamong pamarentah kanthi nurut nglakoni aturan2 protokol kasehatan lsp lsp.
JM, sirep bocah, 14920
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar