NGOPENI ALAM YEKU TUGAS KITA

       kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2783196968626089&id=1684548218490975

Ekoreligi (religi lingkungan) dumadine minangka waonan/kritik mring paripolahe manungsa kang ngrusak alam datan njaga lestarine sing wusanane bisa ngancam lestarine urip manungsa ing jagad raya iki. Patrape manungsa sacara religi mring lingkungan jumbuh banget karo patrape ngopeni kanthi njaga murih lestarine alam lingkungan iku dhewe. 


Miturut ahli-ahli teolog religi, Gusti Allah nitahake bumi lan sakisine klebu manungsa ora njur negakake ninggal ripta-Ne. Panjenengane tetep ngreksa lan ngopeni sarta tansah ngrengkuh lestarining urip para titah-E. Gusti Allah iba adoh nanging uga iba cedhake mring saliring umat ripta-Ne.

 

Nyata temen dene Gusti Allah iku yekti Maha Agung mring sakabehing titah ripta-Ne. Manungsa karipta minangka umat kang dhuwur dhewe drajade katandhing karo umat liyane. Gasti Allah angripta manungsa panaringan nugraha akal lan budi krana ngersakake supaya manungsa ngopeni lan njaga lestarine alam sajagad raya murih kanggo lestari uripe manungsa iku dhewe.

 

Manungsa pinaringan kanggo nyukupi kabutuhane urip kayata sadhengah woh-wohan lan pangan sarta sumber alam ing salumahe bumi. Krana akal-budi lan ketrampilan berkah karumentahake uga kanggo ngolah sumber alam.                                                          


Kaya mangkono iku Gusti Allah ngukuhake manungsa drajad kang dhuwur dhewe ing antarane titah liyane. Mulane wus karancang lan kinersakake dening Gusti, manungsa kajibah tanggung jawab gedhe kango ngopeni lan anjaga supaya tetep lestarine alam jagad raya iki kanggo para tedhak turune.

 

Kita kabeh wajib minangka paneruse Astane Gusti Allah ngelingake sapepadha kang srakah aja nganti angrusak alam mawa ngolah sumber-sumber alam kanggo kapentingan pribadi lan golongan datan maelu lestarine alam iku dhewe.


Sumangga pra kadang PBJ !  

 

JM, lingsirwengi, 06920              

        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN