Postingan

Menampilkan postingan dari 2023

HAKIM AGUNG

  kapacak uga ing  https://fb.watch/peEckb9lb_/?mibextid=2JQ9oc Hakim Agung ginadhang tumêdhaknyå, prå jalmå nyadhóng kaadilan sanyåtå. Suryå pêpadhang kang tansah tinênggå, cumadhóng rumuntuhing wartå harsåcittå. Tumêdhaking Sang Pamartå kang kaantu, donyå datan têluk myang kodrat sêmu. Mugyå pinaringånå têntrêm rahayu, gumantyå duhkitå måwå sukå rênå sèstu. Binabarå panguwaós-Nyå, palimêngan nêdyå kasingkirnå. Måwå landhêping gêgitik Hyang Må' Wiseså, têmah kamulyaknå ka-Agungan Asmå-Nyå. Sugêng mahargyå NATAL, winartaknå kawilujêngan sanyåtå têntrêm rahayu mugyå lumêbèrå mring sagung tumitah-Nyå bêrkah karahayón kang pinangyå. Gusti ambêrkahi kitå samyå... Amin Amin 🙏🙏 JM, desèmbêr róngèwu têlulikur             ✍️ eNPe ✍️             [^__^]  [^__^]

LAMPU_PETROMAKS

  kapacak ugi ing  https://fb.watch/p6OISYIfF2/?mibextid=2JQ9oc Ngemutaken jaman alitan kula, kula taksih meningi lampu mawi lenga pet / minyak tanah. Bapak kula pendhak serap nyawisaken  lampu pompa isinipun lenga tanah kangge bahan sumber tenaganipun.  Wadhahipun tangki (kados ing gambar) pun pompa ngedalaken gasolin lumantar kaos lampu pethak lajeng dipun sumet ngangge korek dangu-dangu kaos lampunipun saged murup lan padhang sorotipun. Para sedherek PBJ/GBJ punapa inggih nate meningi lampu petromak, menawi taksih meningi ateges kita sapantaran.  Jaman samangke sampun ewah, kemajengan tehnologi sumrambah klebet ing 'sumber energi' ngantos pinanggih lampu ingkang maneka warni samangke wonten lampu LED aranipun. Bokbilih kita klebet pawongan ingkang gesang ing tigang jaman, jaman ora enak, jaman setengah maju lan jaman sarwa maju/modern. Puji sokur punika kala wau awit peparing berkahipun Gusti Allah Kang Ma' Asih, matur nuwun Gusti pinaringan dirga ing umur mu...

ELING, ELINGÅ...

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0ABM2UypnbCLQ9rWoaRinqPYvn7WBbLm6NtVaJucL4tX1PQbmTukg8z3m1gPr6r1Kl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc He sagung prå pangwåså, kang matêk aji mamåntrå jåpå luru alêmbånå ing ngarêping prå kawulå aywå muhung sêsumbar jangji sêtyå aywå cidrå ing ubåyå dèn sêselak lan blenjå. Eling, elingå..., prå kawulå butuh kajujuranirå dhêdhasare anêmtóknå pilihannyå wus dadyå pêpingine prå kawulå duwe pamóng kang biså angêntas såkå kasèkèngannyå urip têntrêm raharjå twin mulyå. He sagung prå pangarså pråjå elingå mring sêsumbarirå sing jare mbelå prå kawulå. Kamulyan lan pangwasamu iku sinandhang krånå pilihane prå kawulå masiyå darbe kwåså åywå supe mring Kang Må' Kawåså åywå kadlarung lèhmu blasar såkå pranåtå biså-biså kajabël såkå ing pundhakirå. JM, parak esuk, 201223          ✍️ eNPe ✍️          [^__^]  [^__^]

LAKU BEDHANG

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02BQYV5NRAs4E6BXF6s4nve3Eg83oFvfmQSqq4eGSYmFXX1iCH8NCfSLcouKfRyLxdl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Punapa kita nate mireng tembung 'laku bedhang'? Bedhang tegesipun dhemenan /sir-siran kaliyan ngasanes (lawan jinis). Kathah kedadosan kawartakaken bilih wonten tiyang jaler utawi estri laku bedhang lajeng semahipun boten trimah kamitegan nganiaya malah dumugi pejahipun dhemenan semahipun. Wonten ugi ingkang punwastani kdrt (kekerasan dalam rumah tangga) kedadosan laku bedhang ingkang damel miris kok tega-teganipun merjaya anak-anakipun piyambak cacah sekawan, mendah ngrerujit raosing driya. -nyawa kok ora ana ajine... heeemm..- Gusti Allah sampun paring angger-angger utawi wewaton bilih manungsa punawisi tumindak laku bedhang, awit bilih angger-angger kalawau punterak manungsa dhawah ing dosa. Tuladhanipun, bilih tiyang estri ingkang sampun emah-emah lamun purun punepek semah tiyang jaler sane...

WOHE KEKANCAN KANG BECIK

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid07W3PjniZBHAJLzFomFwT1eDpm1ggrNd7akZwFBcbzNEUyme63WB4cKFKgsSGubxEl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Kairing puji lan sokur awit Gusti Allah kepareng nemokake kita marang maneka uwong, piyayi sarta para kadang sutresna kabeh nedya ambangun sesambungan kekancan/paseduluran kang becik lan sarwa nyenengake awujud paguyuban. Apa iku ing paguyuban ratnyata apa iku ing ratmaya krana adhedhasar asih padhadene mbutuhake, ajen-ingajenan temah suwe ning suwe nambah rumaket marang para anggotane. Mulane mangga kita jaga samya rineksa murih tambah rumaketing paseduluran iku mau. Kita datan nate ngerti kapan kita mbutuhake anane wong liya, lan uga ing wektu kang padha samapta dhiri ambiyantu wong liya kang mrelokake. Sesambungan paseduluran becik kang wus kawiwitan lan tansah dijaga iku, mendah banget endahe. Sesambungan apik kang wus dumadi lan rinasakake padhadene mbutuhake siji lan sijine temtu tundhone/...

KAPOTANGAN SAMBUTAN ANJALARI BENJOL

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid031k52xmGDHLrtuXDifMwPxsG7PaoKYvftzWD3aqoDjNzkYBaPfSWTumpDTfpb79QCl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Kawuninga bilih ing jaman kang sarwa majeng ing dinten samangke kathah para warganing ratmaya sami lena mendhet seserepan ing kemajengan pawarta ingkang sliweran. Pawarta kang kalebet pinitados punapadene warta ingkang ngayawara kang kasebat 'hoak' /palsu. Ingkang badhe kula aturaken ing ngriki conto bab ramenipun pawarta kapotangan sambutan mliginipun lumantar 'pinjol.' kang njalari bendhol/benjol. 🤪🫠 Menawi pun gagas estu adamel ngelus dhadha. Cobi ta kadospundi boten ngelus dhadha, wonten tetiyang ingkang gadhah sambutan/potangan dumugi 'MM-an' ngantos tega merjaya semahipun, sedherekipun utawi tiyang sepuhipun jalaran boten saged ngwangsulaken yatra ingkang punsambut. Kapireng ugi warta kadadosan ingkang dereng dangu kapengker, wonten tiyang ingkang badhe 'nyaleg' punjan...

AJA KELALEN TANPA KENDHALI

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0SfU31p4RbhonZ5DN9ot9GELJ2tJZ7bYBtPqWYYdJYc8MD4rFzrgAtDXSt6FbAi9il&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Ing donya iki ora ana kang asipat langgeng. Sarosa-rosane kita ngupaya angukuhi apa kang kita darbeki, bakal ana pungkasane kajabel. Ya ana mangsane sukarena ana mangsane uga duhkita, ana mangsane sarwa kacukupan ana mangsane kekurangan. Kacarita ing sawijining nagari jumeneng sang nata kang nduweni pangwasa agung. Kaprajane kondhang tumeka njaban nagari sing dieringi dening mungsuh-mungsuhe lan para sekuthone.  Ora mung samono bae solah-tingkahe, dheweke yasa allah liya kang dadi pepujane disembah sarta ngereh saben andhahan lan rakyate supaya nyembah allahe iku kanthi ngiming-imingi ngalap berkah lan kaluhuran semu. Iya krana kadigdayane para mungsuhe tinaklukake, kabeh padha urmat nurut pangrehe sang nata mau. Nanging iku kabeh ora andadekake pangwasane langgeng. Tiba wancine nalika sang...

LÊLABUHAN URIP

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02F9D4jEJDdqFpmFfBmNXsqq6uiuH5BfFC9bVV3ESwTRmZFPzaN66CbZXGRSygWkGVl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Sangganing urip tan kênå kinåyångåpå; mobah-mosiking kawulå kadyå sinêngkålå; kinubéng sêsriwutan madal pådåyåntrå; tumrêcêping gåndå asêp mõntõr agawe sêsêg ing dhådhå. Mênyang isuk mulih surup samyå; tan nate kêtêmu sumõrõting radityå; sadalan-dalan pêtêng kang pinanggyå; kadikåyå sumpêking nålå kang sulåyå. Amung lêlabuhan wajibing urip puniki; yå darmaning kulåwargå dèn ayahi; anyadhõng bêrkahing Gusti; mugyå kasêmbadan kang kaèsthi. JM, parak esuk, 251123            ✍️ eNPe ✍️           [^__^]  [^__^]

SACANGKIR KOPI -pasemon-

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02Mq83adqVXVzDaH8ADFuyNq7Un2ngJFay7gjwuUJ8RsVzT72CcjkStg2xSNbAgmhDl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc   Sajrone acara pul kumpul, saperangan para wetonan pawiyatan sowan nemoni bapak gurune. Swasana gayeng kae padha nyritaake uripe kang sarwa moncer ya ing pagawean ya urip pribadine. Ana sing dadi direktur BUMN, ana sing dadi direktur Bank, juragan sugih, dokter, arsitek, konsultan lsp. Mirsani para muride mau bapak guru enggal tindak menyang pawon saprelu mundhut sateko kopi panas lan saperangan cangkir sing beda-beda wujude, ana sing seka kristal, beling, keramik, melamin lan plastik. "Wis.., wis... ngobrole kandheg dhisik. Iki bapak wus nyawisake kopi kanggo kowe kabeh", ngendikane bapak guru. Meh bebarengan, para murid rebutan milih cangkir kang apik dhewe sing bisa kacandhak. Wusana ing meja ana sing keri siji yaiku cangkir plastik elek dhewe wujude. Sabanjure, sawuse kabeh padha nggu...

GUSTI MUGI NUNTUN KAWULÅ -rêrêpèn pangajêng-ajêngan-

        kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0UQvFHjp3fKmNDgFJuLWdCg9KATjNuauu8JQousr9sRpdn1CGf74QN7CYPhPPtxKPl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc     Gusti mugi nuntun kawulå     amrih tansah manut Padukå.     Nadyan ribêd gilir gumanti,     tamtu kulå kadugi nyanggi.     Gusti mugi nglanting kawulå,     amrih sagah nyigêg bêbåyå.     Nadyan awrat kadõs punåpå     tatag, uwal saking dursilå.     Gusti mugi nunggil kawulå,     murih kadugi nglawan godhå.     Têmah kawulå wijåyå ing yudå     wit wontên ing auban Padukå. JM, bangun-esuk, 181123          ✍️ eNPe ✍️          [^__^]  [^__^]

MENYANG SUROBOYO MUDHUN ISRAEL ?? -dongenge Mukidi-

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0VvB672NGYvsSyjoAvrTjHtPqcmMrp33Ef16Y26dV1PiH93shs9z2h7cqDgMiQU2pl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Sawijining dina Mukidi lunga menyang Suroboyo. Sawuse mudhun ing terminal Osowilangun, Mukidi salin bis kota jurusan Jl. A Yani. Mukidi lungguh jejer bapak sepuh sing mau munggah saka Lamongan, Mukidi nunggang seka Babat.  Mukidi nyoba ngaruh-aruhi. "Mbah badhe mandhap pundi?" "Mudhun Israel!", ngono wangsulane, bacute meneh, "Aku nang kono nunggoni sedulurku sing lagi lara." "We laa dalah, niki teng Suroboyo mbah, mosok onten Israel, dumeh wau dalu kedangon mirsani perang Israel - Palestina ing pawarta tv nggih", wangsulane Mukidi rada lirih kuwatir yen bapak sepuh iku sulaya. Ora let suwe, njur bis-e mandheg nang ngarepe Rumah Sakit Angkatan Laut, kondhekture bis bengok, "Er es a el, Er es a el !" (RSAL), banjur bapak sepuh mau menyat lan mudhun karo gremeng...

PANGUDARASA KAHANANING NAGARI

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02KgWPi6jEW367TzPbaVPLfEtnxJcubuDd1pe8cfSQY545FfNqNc3DQYrATwnh6PG1l&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc  Kapan bangsaku iki bisa nyawiji gotong royong ambangun praja kang subur? Saiba yen ta para pandhegane nagari, para ahli sing misuwur, para tukang ngomong (sing mlebu tipi-tipi), tukang mada lan tukang nacad mring liyan (kamangka datan nate aweh pisungsung mring kamajuwane bangsa lan nagari iki) wiwit keduwung lan kawiyak pikire saha kabeh bisa nyingkuri adad kang ala nuli dadi pribadi kang luhur bebudene temahan nyawiji gegandhengan tangan cancut taliwanda.  Aweh pamikiran-pamikiran kang maedahi samya gotong royong ambangun praja kang gemah ripah loh jinawi tumuju kawulaning nagari adil lan makmur tentrem raharja. Kaya ngapaa bae saiba dhuwit sing diunthetke tukang unthet bisa bali mring nagara & kawula nagari, nagara bakal bisa aweh pawiyatan lan usada lelahanan/gratis nya...

BAGYÅ NGGÈN PUNTAMPI

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0AUMr98fHvDsk2NfiEtRFTxa9E3DWatv9jznbEmSjth4259k89rh7a5QhQfEdE91Xl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Prå kadang råkå dalah rayi Kangmbok tuwin adhiajeng sadyå Bagyå nggèn puntampi Kasugèngan gyå abyõr mring kitå. Amba punrinênggå prå sami Rinêngkuh kadyå sarirå puniki Kang datan kêndhat ing pamuji Rintên-ratri dènyå suwawi Samudya krêntêging nålå ngriki Konjuk mring Hyang Widi. Sih nyå rumêntah mring kitå sadyå Mugyå tansah sumilir-mili Kraharjan pinanggih samyå Sumånggå prå kadang samyå Mung tansah mbudidåyå sinartan pujå ngaståwå Sumendhe mring Pangèran têmah ngambah pêpadhang Tan sande linuwaran têmah sinung kraharjan. JM, lingsir ratri, 101123         ✍️ eNPe ✍️        [^__^]  [^__^]

PITUTUR_LUHUR -klumpukan sanepa-

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid0pUYeysZHghZTtoStiwNxn89UA5TszidCrQxuwWsk9WoPnV7WezUbSR6Fp1GZAA3Dl/?mibextid=2JQ9oc “Sugih ngèlmu tanpa meguru” Pitutur bab kaluhuran budi bisa winujud hamung amarga kapribadèn kang luhur datan saka sinau. “Wong tuwa kang ora gelem mamulang marang putra wayahé, iku dudu wong tuwa” Pitutur tumrap kulawarga, samangsa wong tuwa durung bisa anggulawenthah ndhidhik putra wayahé, nora mèmper sinebut wong tuwa. “Golèk jodho aja mung mburu éndahing warna, bibit bèbèt lan bobot dènnya ugemi ” Pitutur tumrap kulawarga pratéla golèk jodho iku aja hamung mburu kang élok rupané baé, prelu mangretèni asal-usulé kulawarga, duwèni kapribadèn kang luhur lan kawasisan anggoné dadi jejering kepala kulawarga. “Tumrap wong wadon, anak kang dadi wohing among asih” Pitutur tumrap kulawarga mratélakaké déné minangka Ibu, anak iku mujudaké wohing sih katresnan. “Putra wayah wulangen marang kautaman, perdinen susilèng tata, s...

KAJUJURAN NUWUHAKE BERKAH -crita tuladha lan wulangan-

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02hVV3pV4qFSPfCPrzp2QrWPZSta8vV53MjZkHWLKqrGBoWaJGfafWvvej3T1tpnBBl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Salim tukang angon wedhus uripe sarwa kesrakat manggon ing gubug reyot karo pakne-mbokne ing desa sapinggire kutha. Pendhak esuk Salim nggiring wedhus-wedhuse ing tanggulan kali kang subur sukete ora adoh saka gubuge, mulihe sore sadurunge magrib.  Masiya uripe kesrakat sarwa kakurangan, Salim duweni sipat mulya kang diwulangke wong tuwane wiwit cilik yaiku KAJUJURAN. Ya krana kajujurane Salim disenengi wong akeh, nganti ana wong sing sugih ing desane ngragati sekolahe tumeka tamat SMA. Sawuse tamat SMA Salim tetep urip ing desa ngancani wong tuwane sing wus umur lan lara-laranen. Awan iku Salim lungguh ing pinggir kali karo nyawang wedhus-wedhuse sing lagi nggayemi suket, kala-kala nyawang iline banyu kali. Dumadakan pandulune nyawang tumuju ing pojok iline kali sawuse dipigatekake jebul ...

KALANGAN PAKEMPALAN ING PASRAWUNGAN

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0paSdM7PpJBEUhSP358ZwTihyC3PX243zbLqZEaCcT3457ZoU3gYKHHpHuK9fH928l&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Kalangan pakempalan minangka gegambaran satunggaling sesambetan ing pasrawungan. Kalangan punika piyambak saged anjalari owah-gingsir becik botening gesang kita ing satengahing pasrawungan. Cethanipun makaten, solah bawa sawijining pawongan boten taruna boten diwasa, sekedhik utawi kathah ginendeng / tinarik dening kawontenan kalangan pasrawungan. Samangsa kita wonten ing satengahing kalangan kang boten pinuji / sarwa awon saged ugi kita ketarik ing swasana ingkang awon wau, makaten ugi kosok wangsulipun. Pramila punika, kita kedah wasis, cukat lan wicak milih pasrawungan ing satengahing tetiyang ingkang sae bebudenipun. Yasa lan rineksanana satunggaling sesambetan ing pasrawungan ingkang linandhesan sih katresnan (Kasih) mring sasama. Nanging saderengipun prelu ngewahi lan ndandosi sesambetan i...

PÊSÊN MARANG PANGARSANING PRÅJÅ

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid0wb2gMU5FRFyDsHHGKEK8vAVHQM35fkpZw54hp2n1eTrSGT9dyUdwXtDdzVfNaejul/?mibextid=2JQ9oc He sagung prå pangwåså, pådhå elingå janji sêtyamu nalikå sirå sêsumbar ing ngarêp prå kawulå Aywå ngantyå dèn sêselak lan blenjå. He sagung prå pangarså pråjå elingå mring janjinirå sing jare mbelå kaum kawulå ngêntasake såkå kasèkèngannyå. Kamulyan lan pangwasamu iku sinandhang krånå pilihane prå kawulå Nadyan duwe kwåså åywå supe mring Kang Må' Kawåså Åywå kadlarung lèhmu blasar såkå pranåtå biså-biså kajabël såkå ing pundhakirå. JM, sirêp jalmå, 011123          ✍️ eNPe ✍️          [^__^]  [^__^]

IBÅ ENDAHE ALAM

Gambar
    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02iaVbuqWggZE692WkcEWRrdzPqTydTDycycFiGkAf8msrkDYQd5TcFzkS77ACpNRhl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Ibå endahe alam ciptå-riptane Gusti Sadhengah sato kewan dalah wõh-wõhan, ugå sajagat-rat, lintang lan rêmbulan. Gusti angrêkså sajagat-rat sato ing samodrå, wånådri twin akåså cêkap têtêdhannyå. Gusti anggêgulang kawulå, kacêlèk ing driyå, nulad hikmat Padukå.   Gusti mugi nglanting kawulå, amrih sagah nyigêg bêbåyå. Nadyan awrat kadõs punåpå tatag, datan sêmplah ing driyå. JM, gagat-bangun, 291023           ✍ eNPe ️✍️            [^__^]  [^__^]

SEJATINE ORA ANA KANG ANYAR ING SANGISORE LANGIT

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid09L4NuEYaQdxEf7d1uCbNDm1Nz2qutnitSHQd6fPrFifzm859wWtY2dJ9kaVQBcUGl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Airbus-380 lagi mabur anjajahi Atlantik, kanthi rikat abure ajeg 1000 km/jam ing 36 ewu 'kaki' dhuwure nalika dumadakan ana Jet perang Eurofighter ngaton ing sacedhake. Pilot Jet perang iku njur ngalonke abure njejeri Airbus lan pilot Jet perang iku ngluruhi pilot Airbus nganggo radio : "Halo Airbus, piye kabare? katone aburmu rada mbosenke ya? Coba gatekna polahe (atraksi) montor maburku!", godhane si pilot Jet perang. Dheweke nuli muter Jet perange jungkir balik mendhuwur, nambah rikate nembus rikating swara munggah cepet banget gawe mumet sing nyawang njur anjog mangisor nuju arah segara klawan nggumunake. Dheweke bali ing jejere Airbus lan clathune : "Hai, piye atraksiku?" Pilot Airbus mangsuli : "Iba nggumunake, nanging coba gentenan tontonen atraksiku!" Pilot Jet ng...

WASPADA LAN PRAYITNA ING PAHARGYAN KEPYAKAN MANTENAN

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02bUf68kjMj8zDbFjJ4k2AL1XQdyrV2cvJjCWBqk8mQgSFSQAFC4WHqv4FfMSSrahwl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Modhel wong apus-apus (modus operandi) kaya crita ing ngisor iki sanyatane wus suwe, nanging ora ana alane yen prelu kacaritake maneh (mawa basa Jawa). Kira-kira mangkene critane : Ing satengahing kondangan pahargyan kepyakan mantenan ana pawongan kang neces panganggone memba-memba panitya pahargyan (panitya gadhungan) nyedhaki salah sijine tamu karo bisik-bisik nyilih kuncine yen montore prelu dielih/digeser jalaran ana montor sing kaling-kalingan arep metu. Emane sang tamu pracaya ngono bae kurang yitna njur menehke kuncine montor. Sabenere panitya gadhungan mau wus ngulatake/ngawasi tamu mau nalika rawuh lan mapanake (markir) montore. Wusanane,   dienteni suwe kuncine kok durung dibalekake?, sang tamu nuli metu saka gedhong pahargyan mau. Iba kagete, montore wus ora ana! Takon-takon menya...

AYO KÅNCÅ PÅDHÅ BUDHAL

   kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02XDJ5n1LXT9mVGFWxUct27aa8h3FTzBajBP1M8aABGC5SGxousReSr2NuRNkGp14yl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc     Ayo kåncå pådhå budhal mênyang ing pawiyatan GBJ,     dyan akal kitå kasingsal nèng jaman kamajuan.     Såpå kang sênêng lonthang-lanthung bakal dadi wong punggung.     Mulå ayo mêsu dhiri sinau ngulir budi.     Mumpung kitå isih anõm nglari sanguning urip.     Sangu kang tan biså kalõng: budi padhang atêrtib.     Jå pisan kitå keduwung lamun krepõtan: bingung!     Nging karånå budi padhang, datan bingung, tan sumlang.     Sugêng enjing prå kadang GBJ sutrêsnå     månggå samyå mêrsudi kawruh sastrå lan budåyå     murih pikantuk padhanging driyå     nyadhõng èlmu saking pårå winasis dalah nimpunå båså Jåwå.  Salam têntrêm rahayu pinangkanipun saking Gusti kang Murbèng ...

SURYÅ PAJAR KANG LANGGÊNG -rêrêpèn pamuji-

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0vGFBEanNTvbjHZkT58bNLrH6Nfo4ro21qLN7VSveWzidXfNAQRXYcLgd3AeX5CSRl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc   Suryå pajar kang langgêng, Suryå rainå T'rang Allah, anêlahi pagêsangan anyingkirnå samukawis kang lungkrah.   Kadyå êmbun enjang nêlêsi têtuwuhan anyêgêr'ken salit ing jiwå, anglipur umat Pukulun dènnyå sinung gêsang salaminyå.     Krånå kadarmaning Pangèran limênging nålå dadyå angêt, Sukêr jroning nålå ngantyå tan lenå ing pêpêtêng, gêbyarnå garêgêt.   Srêngenge nyunar kanthi mulyå angine midid klawan rênå, manuke ngocèh ånå ing wit-witan ayo pådhå muji Allah kang mulyå.   Sõrõting Pukulun dènsumèbarå, Suryå Må'Endah mring jangkah kawulå, tinuntunå anglangkungi duhkitå dugèng kabagyan t'rang salaminyå. JM, pajar-sidik, 151023         ✍ eNPe ️✍️         [^__^]  [^__^]

'FILOSOFI' TANÊMAN PANTUN

Gambar
  kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0sUq8Gs5y93Pviwx1Yjp2PddzuRzLdFwmwdduaxbgGZBgXpSzaVKKrDwUo1hoRBj6l&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Nate mirêng punåpå ingkang sinêbat 'Filosofi' tanêman pantun? Pantun/Pari sagêd nyukani kathah gambaran wucalan ngèlmu bab bêbasan pagêsanganing manungså, antawisipun, 1. 'Semakin berisi butir padi tangkainya semakin merunduk' jarwanipun 'sangsåyå mêntês pantun sangsåyå tumungkul/ndhingkluk gagangipun'. ngêmu bêbasan bilih manungså sangsåyå kêbak/sugih kawruh (wasis, nimpunå, widigdå, wignyå) sangsåyå andhap asõr, prasåjå lan ngajèni ngasanès såhå wicaksånå luhur bêbudènipun.   2. Sawiji pantun / uwõs, wujudipun alit nanging sagêd murakabi lan andayani kangge gêsanging tiyang kathah, ngêmu bêbasan bilih sênadyan kitå namung rakyat alit nanging nggadhahi dhapukan kang bõten sagêd punsêpèlèkakên (punya peran penting) ing satunggaling pêpanthan/gêgõlõngan masarakat    3. Sagõlõng saekå pråy...

BABAH LIONG LAN LOPER KORAN (carita nrenyuhake saka ing negara sabrang)

    kaunggah uga ing   https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02KVTTALoASJhrit7EzGvSSXKWYoUiRQ4cBCHGuG8axCdgPZ5QM1gyPiNFdzeCuhrWl/?mibextid=2JQ9oc Mangsa adhem kapungkur, aku diwetokake (PHK) saka ing pagaweanku. Kanggo nyukupi kabutuhan urip, aku nglakoni dadi loper layang kabar (koran). Salah siji omah sing dadi langganan koranku ana kothak layang nanging katutup rapet, mula aku nothok regol pager gapura omahe. Babah Liong pawongan sing wus klebu adiyuswa (tuwa) karo mlangkah gonjing mbukak lawang. Aku njur takon, "Kenging punapa bah kothak layange kok katutup?" Si Babah aweh wangsulan, "Pancen dakjarag nutup bolongane!" Dheweke karo mesem mbacutake, "Aku kepingin weling marang awakmu mangkene, samangsa kowe ngeterke koran saben dinane tulung nothoka lawange utawa nutul bel ya lan ngelungke dhewe korane nang aku." Sawetara wektu aku meneng karo ndomblong, nuli mangsuli : "Siap bah, nanging mesthine rak nggih damel repot kula lan jenenga...

JÊRITING ARCÅPÅDÅ

Gambar
    kapacak uga ing   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02H4nzg54LrkfWrBWsAqkDAJGEjLvgxCY1nnPHMe55cmLwhgHWLkdB7YDWLMfbFBwzl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Jêriting arcåpådå riptaning Allah, sakawit dumadine sarwå endah, samangkyå sangsåyå bubrah, jêr solahing manungså kang srakah. Salumahing bantålå asat garing, alas kababad argå gundhul mêkingking, dahånå mulad-mulad gawe prahårå, anrajang samubarang klawan waråtå. Banjir bandhang datan kwåwå dènselaki, mångså bayubåjrå anggegirisi, Ayo dènpêpêrti cancut tali-wåndå, sigrak anandur wånå-wåså lan argå. JM, madya ratri, 061023         ✍️ eNPe ✍️         [^__^]  [^__^]

GUMÊBYARE SANG DIWANGKÅRÅ

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0biJTBqpSFmuueA4tbBzJ62YqXj4p6m8d87LXfQsMxJBS2a8GByDUpw5bfo8RwvVyl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Gumêbyare sang diwangkårå mratandhani gumantine rainå arcapådå saisine mèsêm angayubagyå awit limênge ratri wus mungkur ngeglå. Sadhengah sato rêrêpèn ramyå anambut esuk kanthi sukå rênå iba kitå yogyå muji sokur samyå konjuk myang Gusti Kang Ma'Pangriptå. Samubarang åpå kang kitå ayahi saturut mituhu dhawuhe Gusti jroning tumindak lan tutur-wicårå tan kêndhat pujå-puji sokur awit kaagunganNyå. JM, wayah esuk, 51023        ✍️ eNPe ✍️        [^__^]  [^__^]

FILOSOFI' LIMANG DRIJI

Gambar
 '  kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02xVS1ntDnBa2XNgdyQz5RxJ3jhijndiufTow3eBhKT1TXQei6SeFNSi9z8yQCoRagl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Tembung 'filosofi' nggadhahi teges ingkang rowa, nanging ing ngriki kita watesi bab ngelmu ingkang migunakaken nalar akal budi bab samukawis ingkang dumadi, sangkan paran lan tata cara kadadosan sawijining bab wau. Nate mireng punapa ingkang sinebut 'Filosofi limang driji'? Cobi kita nudingi tiyang sanes. Nalika kita nuding dhateng ngasanes ngangge driji panuduh, mila badhe wonten tigang driji (driji panunggul, driji manis lan jenthik) ngener mring kita. Punika ngemu wredi dene kita padatan gampil nuding utawi andakwa nglepataken tiyang sanes, nanging boten purun ngakeni kalepatan dhiri pribadi kita piyambak.  Sumangga kita wiwit ngonceki sapari polah kita, punapa inggih kita sampun tumindak saturut kalihan dhawuhipn Pangeran Gusti Kang Akarya Gesang?  Ampun suka rena nguningani kelap...

KORUPSI GAWE KASANGSARAN

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02RMK7nzDVcBt2w6uterfZVbYU4qH4odvsAPqkCWE2FmNNxFQAGJRN2SGY8WQLv4Vzl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Tembung korupsi (ing kene diwatesi nampa besel ngunthetke dhuwite negara) wus ora nganeh-anehi ing kuping kita. Ana dhawuh pangandikane Allah kang wus katulis ing kitab-kitabe para Nabi  sing surasane "Aja laku bédhang, aja mematèni, aja nyolong, aja mélik barangé liyan" lan sadhengah dhawuh liyane, kuwi kabeh wis klebu ana ing dhawuh: "Tresnaa marang sapepadhamu dikaya anggonmu tresna marang awakmu dhéwé!" Sapa sing tresna marang pepadhane kuwi ora bakal nandukake piala marang pepadhane mau. Kosok baline sing nandukake katresnan, kuwi padha karo nglakoni pepakon dhawuhe Gusti Allah.  Ngelingi kahanan kang kadadean samengko/saiki iki akeh para pangrehing praja ya abdine nagara kang jumeneng pamong praja dadi jejering panguwasa padha tumindak nampa besel ngunthetake kaskayane nagara ka...

SIH RAHMATE GUSTi ANYÊGÊRAKE

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0nNkgDxr3NkFh5DD1T7NQ1g6tP3is19xSHKY5nNHj72pchdvb8rUe4CmzhHswihkRl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc    Kahanan ing nêgri iki kang pêndhak dinå kitå nyipati ing têngahing masarakat uripe ngalami kêkisruhan, ånå bae rakyat cilik uripe kêtulå-tulå dikuyå-kuyå, didhêsêk/diêsuk dening wargå liyane kang duwe prabåwå/kwåså. Nadyan mangkono,    Sih rahmate Gusti pêndhak esuk anyêgêrake sêdinå natas, tan kêndhat ganjaran kang kasinungan.   Ohh Sang Lintang Pajar kang padhang jingglang, cahyaning karumêntahnå, têmahan ing nålå kêbak trang lan Sih Rahmate Gusti.   Kasingkirnå pêpêtêng ing arcåpådå. kwåså jahat kausirå, kasinunganå kêbak ing têntrêm rahayu tinuntun Astane Gusti.    Kalancarnå trang margining umat nadyan donyå kêbak rêribêd, klawan têguh pracåyå Gusti kang mikukuhake.    Kawicaksanan dumadi marang kang kawogan kanggo ngudhar reribêd, mugyå ...

GUSTI KANG MAHA WIKAN -renungan-

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0aNeYnvXU7CqKmST15Yhoyn1NBq6LTtBa2zTEThPHj3utYVpsBWtRWfEZnyzvuAndl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Sajroning ati kadhang kita duwe pitakonan, "Kena apa ya kok wong-wong duraka sing pijer tumindak murang tata uripe tetep lestari?, kenapa Gusti Allah ngejarake bae wong-wong iku tetep aman-aman lan kepenak bae uripe, ora diukum?" Gusti bakal nandukake ukuman mring wong-wong kang ngupaya ndhelikake tumindak duraleksana ing gegorohan (apus-apus). Gusti ora kok mendel bae, ing wancine ukumane bakal kaancas miturut uripe kang blasar saka paugerane Gusti. Mangkono iku Gusti katone mendel bae nalika umat manungsa urip ing kadurakan. Panjenengane uga bisa bae lumantar wong-wong  kang geguletan ing kadurakane paring ukuman menyang wong-wong kang ora setya tuhu mring dhawuhe Gusti. Nanging ora ateges Gusti ngejarake kadurakan. Gusti Allah tetep bae Gusti kang nresnani kabecikan, kadurakan tetep baka...

ORA ANA KANG LANGGENG

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid036rYAzK5Tvhjj1LwZDgme6m3smev75yod23ym4gfGTx3GRDg1nGmSuWuymTcjXx9cl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Bebendu-Ne Gusti Allah kadya wus ora sinirep maneh jalaran kauningan para titahe ya abdi-Ne nglakoni sasenenge lan sakarepe atine dhewe. Prahara, bayu bajra, kobongan dalah sakehing reribed dadi gegambaran minangka ganjaran ukumane Gusti. Ewasamono, manungsa isih bae durung ngrumangsani solah tingkah kang gawe dedukane Gusti. Ing satengahing bebendu-Ne  Gusti angelingake bab kang penting tumrap umat rinipta-Ne dene sejatine ora ana kang langgeng jroning uriping manungsa. Ora ambedakake wong luput, wong sing bener uga klebu para pemimpin kabeh kena sawabe. Ngaca lan mawas kadadean sing mawantu-wantu ing saindenge arcapada iki sayogya kita umating Gusti kang ditresnani, padha bali marek ing ngarsa-Ne nyadhong pangaksama katuntuna lan rineksa lumaku ing dhawuhe Gusti anetepi ana ing dalan kan...

MANUNGSÅ KANG MLUKU GUSTI KANG SINUNG NUGRÅHÅ

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0wo26y4Z2Crvnmfsx2HGgqVrDrJCLQasCShgXj1hppgoSqNH5rc1BNuwXXVAGvAaul&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Manungså kang mluku, anyêbar winih, lamun kasuburan, Gusti kang sinung nugråhå. Siniram tirtå riris, gilir gumanti håwå panas, têmah thukul, tuwuh subur lan ngrêmbåkå. Samubarang riniptå, kang adõh kang cêdhak uga, wiyarane samodrå lan rungguting wånåwåså. Datan sawijiå linirwakake, kabèh rinêngkuh Astane Gusti, datan kêndhat karumuntuhan rêjêki. Katur puji sokur sinung nugråhå Sih katrêsnan Padukå, dhuh Gusti, mring cipta ripta, bêrkah såhå rêjêki. Datan kêndhat kababar agunging Sih Trêsnå Padukå, pinuji-puji aståwå Gusti Hyang Må' Kawasa. JM, madya ratri, 21923         ✍ eNPe️ ✍         ]^__^]  [^__^]

PEMIMPIN INGKANG MRABAWANI

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0cSYnvYTRkQb9HDh8eY2qZ4ogrLdXVVngSoCJhfmLGu7Ek5Gfbu5Nq8ZepcYjK3TSl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Katentreman lan karaharjanipun rakyat satunggaling nagara kathah utawi sekedhik dipunprabawani dening pemimpin ingkang mandhegani. Pramila kita kedah estu-estu boten sembranan anggenipun milih pemimpin. Dene menawi ingkang nglenggahi pamong, pemimpin utawi pandheganing satunggaling praja punika piyantun kang boten 'leres' (duraka) mila masarakat badhe manggihi bilahi. Awit pemimpin ingkang boten nggadhahi kawicaksanan saha iguh ing bebudenipun, temahanipun saged damel risaking tatanan pasrawungan lan kakisruhan. Pramila boten nggumunaken bilih tiyang ingkang datan budi nggadhahi kuwaos lan dados pemimpin saged andadosaken bubrahing pasrawungan nunten anjalari risaking tatanan gesang sesarengan. Ing wekdal samangke, kita saged tumut nemtokaken sinten kemawon ingkang saged nglenggahi pandheganing ...

INDONESIA NEGRIKU

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid08USdRcast8CzzWKNzmxw4Wvi8uA9d4cnEmi77WiFife1wsqbCvYbN29tR8xg5wFTl/?mibextid=2JQ9oc Indonesia, negriku, sinung nugrahane Gusti dakaturke dongaku konjuk Kang Ma' Sawiji.  Wangsa, rakyat Indonesia, Gusti hamengkoni jroning duhkita lan suka Gusti kang densungkemi. Karahayon, loh jinawi, hamung Gusti etuke, kaadilan, katentreman, Gusti kang ngeparengake. Hayubagya Indonesia, wangsa dalasan alam saisi (ne), ing samengko dirga salawase, tansah winengku Gusti.   MARDIKA! ✊️🇲🇨 MARDIKA!✊️🇲🇨 JM, rongpuluhagustus'23           ✍ eNPe️✍️          [^__^]  [^__^]

ALLAH GUMATYA

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02rjsdNgM4HkVLyS26HUEGKeX4Q52PDZFRMHRhKK3PMmBgMjfW1HrDTNpQxVAevoRBl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Akeh prakara datan dak mangerti, kenapa mesthi kudu dumadi ing urip iki. Sawiji prakara sing dak simpen jroning ati, datan sawijia kang mijil tanpa Karsaning Gusti. huu-huu... Allah ngawikani.. Allah gumati (gumatya). Sagung prakara kang dak adhepi, nora badhea kaejarake Aku pepuletan dhewe marga Allah ngawuningani huu-uuu Allah datan ngejarake aku sabab Allah Ma' Wikan sagung kang tumanduk mring awakku. Salam tentrem rahayu ing patunggilaning Gusti... Kasugengan kang pinangkanipun saking Gusti mugya kajiwa saha kasalira mring kita sadaya...  Gusti amberkahi.... Amin 🙏 JM, woluagustusrongewu telulikur.        ✍️ eNPe ✍️          [^__^]  [^__^] kajarawake saka kiriman ing WA grup ,        ALLAH PEDULI Banyak perkara...

SINDROM BANYU SEGARA (kacaritakake dening dhokter)

      kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0hvLAJix4XDjq8XEDxX96eNLQhGusU4PmahMoNNwRJXvCMergwR17jUNiYArx9BdYl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Aku cedhak banget karo bapakku, ana ing ngendi bae bapak aku tansah ana ing sisihe, ya lagi dhahar, lenggahan ngunjuk teh kopi, sarapan bubur lan tindakan ngendi bae tansah dak dherekake. Ananging saploke kurang luwih 20 taun aku urip ing Jakarta, wus arang jejagongan ngobrol bareng. Uripku pedinane minangka dhokter akeh banget nulad saka bapak. Aku kelingan jaman cilikanku (SD / SMP) aku kerep mrangguli ing pawon akeh banget woh-wohan lan sayuran kayata salak rong karung, gedhang satundhun, iwak mas / lele saplastik gedhe, beras pirang-pirang karung lan sayuran maneka werna. Nuli aku matur marang sibu, "Saking pundi menika sadaya bu?" Ngendikane sibu, "Saka pasiene bapakmu ndhuk sing ora saguh bayar olehe priksa, dadi iki ijole minangka tandha pamatur nuwun, asil sawah lan kebon dikirim...