'FILOSOFI' TANÊMAN PANTUN
Nate mirêng punåpå ingkang sinêbat 'Filosofi' tanêman pantun?
Pantun/Pari sagêd nyukani kathah gambaran wucalan ngèlmu bab bêbasan pagêsanganing manungså, antawisipun,
2. Sawiji pantun / uwõs, wujudipun alit nanging sagêd murakabi lan andayani kangge gêsanging tiyang kathah, ngêmu bêbasan bilih sênadyan kitå namung rakyat alit nanging nggadhahi dhapukan kang bõten sagêd punsêpèlèkakên (punya peran penting) ing satunggaling pêpanthan/gêgõlõngan masarakat
3. Sagõlõng saekå pråyå.
Pantun limrahipun sagõlõng sêsarêngan warnanipun jêne sêmu soklat samångså wancinipun panèn. Ngêmu wêrdi bilih pasarujukan pamanggih ing pakêmpalan mujudakên jiwå gõtõng rõyõng sagêd anggayuh sêsarêngan gêgayuhan gêsang kang kaèsthi/dipun pikajêngakên.
4. Pantun bêtahakên wêkdal ngantõs dumugènipun wanci panèn, ngêmu pitêdah bilih manungså bêtahakên wêkdal sawêtawis punåpå ingkang sagêd pungayuh. Bõtên wõntên gêgayuhan ingkang sanalikå sagêd punpêthik asilipun, milå têrus kemawõn sampun ngantõs kèndêl ngudidåyå angranggèh gêgayuhan kang sampun dipunsarujuki sêsarêngan.
Sanyåtå pantun taksih nggadhahi wucalan ingkang kathah kangge panuntuning gêsang, nanging kulå bõtên sagêd nggêlar mêpaki, bõkbilih pårå kadang sutrêsnå badhe ngimbêti. sumånggå!
Nuwun 👏, mugyå pinanggih rahayu kang pinangkanipun saking Gusti... Amin Amin 🙏🙏
JM, gagat enjing, 111023
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
WONGE teko
BalasHapus