BABAH LIONG LAN LOPER KORAN (carita nrenyuhake saka ing negara sabrang)

   kaunggah uga ing https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02KVTTALoASJhrit7EzGvSSXKWYoUiRQ4cBCHGuG8axCdgPZ5QM1gyPiNFdzeCuhrWl/?mibextid=2JQ9oc

Mangsa adhem kapungkur, aku diwetokake (PHK) saka ing pagaweanku.

Kanggo nyukupi kabutuhan urip, aku nglakoni dadi loper layang kabar (koran).


Salah siji omah sing dadi langganan koranku ana kothak layang nanging katutup rapet, mula aku nothok regol pager gapura omahe.


Babah Liong pawongan sing wus klebu adiyuswa (tuwa) karo mlangkah gonjing mbukak lawang.


Aku njur takon, "Kenging punapa bah kothak layange kok katutup?"


Si Babah aweh wangsulan, "Pancen dakjarag nutup bolongane!"

Dheweke karo mesem mbacutake, "Aku kepingin weling marang awakmu mangkene, samangsa kowe ngeterke koran saben dinane tulung nothoka lawange utawa nutul bel ya lan ngelungke dhewe korane nang aku."


Sawetara wektu aku meneng karo ndomblong, nuli mangsuli : "Siap bah, nanging mesthine rak nggih damel repot kula lan jenengan ta  bah, bucal-bucal wekdal."


Si Babah mbacutke meneh, "Ora apa-apa, aku nang omah saben dina, piye yen dak imbuhi 500 Yuan saben sasine kanggo tambahane."... ngucap ngono mau karo patrap memelas lan ngare-arep aku nyarujuki panjaluke.


Bacute si Babah meneh, "Yen sawijining dina mengko kowe ora oleh wangsulan nalika nothok lawang, tulung sambungke kantor pulisi ya!"


Wah aku kaget lan pitakon : "Lho kok ngendika ngaten ta bah, enten napa?"


Si Babah nuli mangsuli, : "Bojoku wus ora ana, anak manggon nang ngamanca, aku urip dhewekan, sapa ngerti wancine wis teka!?" si Babah katon kembeng-kembeng.


Sawetara cangkemku blangkemen dikunci ora bisa ngomong.

Nanging klawan abot aku takon, :"Menapa njenengan lengganan koran boten punwaos?" takonku sakecandhake.

Si Babah : "Ora! Ora tau dakwaca korane, aku lengganan swara thothokan lawang iki!"


Karo clathu mengkono si Babah nlangkupake tangane ing dhadha, "Tulung ya cah enom sing apikan, rewangana aku, iki nomer tilpune anakku, yen ing sawijine dina kowe nothok lawang ora ana wangsulan, tulung kejaba nyambungke nang pulisi uga sambungana anakku ya!"


Aku karo nampani sasuwek kertas cathetan nomer tilpun anake, "Ohh nggih, siap babah, nadyan mekaten kula tetep dongake babah tetep sehat panjang yuswa, kula siap ngrencangi!"


"Oh, matur nuwun ya kesaguhan lan pitulunganmu, muga Gusti Allah sing bales kabecikanmu!"  celathune si Babah.

"Amin Amin, sakwangsule bah", aku mangsuli. 


Saka crita sing nrenyuhake mau, kita yakin ana sawetara para piyayi adiyuswa sing uripe kepeksa dhewekan lan kasepen saka pasrawungan bebrayan lan masarakat.


Kadhang kita ing batin takon kenapa ya jroning yuswa sepuh asring ngirimake salam pepanggihan sugeng enjing/ sonten lan donga rahayu ing grup WA.


Sabenere makna salam esuk/sore iku kaya dene maknane nothok lawang utawa ngoneke bel lawang, iki mujudake cara ndongakake keslametan lan pramaduli.


Nuwun, mugya sarwa rahayu kang pinangkanipun saking kanugrahaning Gusti Allah... Gusti amberkahi... Amin Amin 🙏🙏


JM, gagat bangun, 81023

          ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]  [^__^]

 Kadudud lan karingkes sarta kajarwakake saka kiriman kadang ing grup WA, ⤵️⤵️


Musim dingin lalu, saya diberhentikan dari pekerjaan saya. 

Untuk me menuhi kebutuhan hidup, saya harus mengambil pekerjaan sementara sebagai pengantar Surat Kabar.  

Salah satu rumah yang saya kirimkan Koran memiliki kotak surat yang lubangnya tertutup, jadi saya harus mengetuk pintunya. 

*Tuan Xu, seorang lelaki tua* dengan langkah goyah, perlahan membuka pintu.  


Saya bertanya :

'Pak, kenapa lubang kotak suratnya ditutup ?'

Dia menjawab :

'Saya sengaja menutupnya.'

Dia tersenyum canggung dan melanjutkan :

'Saya ingin mendiskusi kan sesuatu dengan anda. 

Saat anda mengantarkan koran kepada saya setiap hari, tolong ketuk pintunya atau bunyikan bel dan serahkan langsung korannya kepada saya.'


Saya menjawab :

'Tentu saja, tapi hal itu sepertinya merepotkan kita berdua dan hanya membuang-buang waktu.'  

Saya bingung dengan pengaturan ini.

Dia berkata :

'Tidak apa-apa, saya di rumah setiap hari. 

Bagaimana jika saya memberi anda tambahan 500 Yuan setiap bulan sebagai biaya tambahan.'

Dengan ekspresi memohon, dia menambahkan :

'Jika suatu hari nanti Anda tidak mendapat jawaban saat mengetuk pintu, tolong hubungi polisi !'

Saya terkejut dan bertanya :

'Mengapa ?'

Dia menjawab :

'Istri saya sudah meninggal, anak saya berada di Luar Negeri, dan saya tinggal di sini sendirian, siapa yang tahu kapan waktu saya akan tiba ?'


Pada saat itu, saya melihat mata lelaki tua itu yang berkabut dan lembab.


Saya bertanya :

'Apakah anda tidak berlangganan koran untuk membacanya ?'

Dia menjawab :

'Saya tidak pernah membaca koran. 

Saya berlangganan *suara ketukan* !


Dia mengatupkan tangannya dan berkata :

'Anak muda, tolong bantu saya ! 

Ini nomor telepon anak saya di Luar Negeri. 

Jika suatu hari anda tidak dapat mengetuk pintu, tolong selain menghubungi Polisi, juga hubungi anak saya untuk memberi tahu dia.'


Setelah membaca ini, saya yakin ada juga *orang lanjut usia yang menyendiri dan kesepian* di antara teman-teman kita.  

Terkadang anda mungkin bertanya-tanya mengapa mereka, di usia senjanya, masih mengirimkan ucapan atau pesan pagi dan sore di WhatsApp, seolah-olah mereka masih bekerja.


Sebenarnya *makna ucapan pagi dan sore ini mirip dengan makna mengetuk atau membunyikan bel pintu,* ini adalah cara untuk saling mendoakan keselamatan dan kepedulian.


Saat ini *WhatsApp* sudah sangat nyaman digunakan dan kita tidak perlu lagi berlangganan surat kabar.  

Jika anda punya waktu, ajari anggota keluarga anda yang lanjut usia cara menggunakan WhatsApp !

Suatu hari, jika anda tidak menerima ucapan selamat pagi atau artikel yang dibagikan, mereka mungkin sakit atau sesuatu terjadi pada mereka.

Tolong jaga teman dan keluarga anda.  


Setelah membaca ini, 

Saya sangat memahami pentingnya *salam pagi* kita satu sama lain !!!

Peliharalah WAG ini sebagai ketukan pintu diantara sahabat kita

- masih adakah...?

- masih sehatkah...?

🙏

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN