GUMÊBYARE SANG DIWANGKÅRÅ
Gumêbyare sang diwangkårå
mratandhani gumantine rainå
arcapådå saisine mèsêm angayubagyå
awit limênge ratri wus mungkur ngeglå.
Sadhengah sato rêrêpèn ramyå
anambut esuk kanthi sukå rênå
iba kitå yogyå muji sokur samyå
konjuk myang Gusti Kang Ma'Pangriptå.
Samubarang åpå kang kitå ayahi
saturut mituhu dhawuhe Gusti
jroning tumindak lan tutur-wicårå
tan kêndhat pujå-puji sokur awit kaagunganNyå.
JM, wayah esuk, 51023
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar