SEJATINE ORA ANA KANG ANYAR ING SANGISORE LANGIT

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid09L4NuEYaQdxEf7d1uCbNDm1Nz2qutnitSHQd6fPrFifzm859wWtY2dJ9kaVQBcUGl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc

Airbus-380 lagi mabur anjajahi Atlantik, kanthi rikat abure ajeg 1000 km/jam ing 36 ewu 'kaki' dhuwure nalika dumadakan ana Jet perang Eurofighter ngaton ing sacedhake.


Pilot Jet perang iku njur ngalonke abure njejeri Airbus lan pilot Jet perang iku ngluruhi pilot Airbus nganggo radio : "Halo Airbus, piye kabare? katone aburmu rada mbosenke ya? Coba gatekna polahe (atraksi) montor maburku!", godhane si pilot Jet perang.


Dheweke nuli muter Jet perange jungkir balik mendhuwur, nambah rikate nembus rikating swara munggah cepet banget gawe mumet sing nyawang njur anjog mangisor nuju arah segara klawan nggumunake.


Dheweke bali ing jejere Airbus lan clathune : "Hai, piye atraksiku?"


Pilot Airbus mangsuli : "Iba nggumunake, nanging coba gentenan tontonen atraksiku!"


Pilot Jet nggatekake Airbus iku kanthi gumun, nanging ora ana owah-owahan abure. Airbus iku panggah bae mabure anteng jejeg mawa rerikatane sing katon bosenke.


Sawuse limang menitan, pilot Airbus clathu ing radio, : "Nah, piye miturut panyawangmu?"

Pilot Jet takon klawan bingung : "Apa sing wus kok tindakake aku ora meruhi apa-apa?"


Pilot Airbus ngakak karo celathu : "Hehehe, aku menyat seka kursiku, nylonjorke sikil, mlaku menyang buri kabin pesawat, menyang toilet, nyruput kopi lan nyamikan liyane." Mangkono sang pilot Airbus ora banjur nuruti hawa nepsune digodha dening pilot Jet perang mau.


Elide crita kang bisa kapethik,

Nalika kita isih anom/taruna. rerikataning solah lan tandang tanduk kang gawe dhegdhegan katon lengong (takjub) sapa sing nyawang.

Nanging krana lumakuning wektu kang luwih lengong iku yen kita sangsaya wicaksana ngrasakake ayem tentrem ing umur kita lan kebak rasa suka rena lan caos puji sokur awit nugrahaning Gusti Allah. Ngayahi darmaning urip sayogya nduweni ati sareh ora gampang kabujuk hawa nepsu kaya pilot Airbus mau.


 Kaprayogakake kagem para kadang sutresna kudu bisa ngawikani dene sejatine ing sangisore langit ora ana barang kang anyar (sejatine apa kang samengko iki ana biyene wus ana), kabeh wus cumawis minangka rancangan lan cipta-riptaning Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi.


Samengko iki, kang prelu dudu kepriye swasana donya iki maspadakake utawa ngrenggani kahanan kita, ananging luwih aji/mulya kepriye dhiri kita bisa pikoleh katentremaning urip kang pinangkane saka Gusti Allah Kang Maha Asih.... Amin 🙏


JM, gagat bangun, 221023

        ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN