JÊRITING ARCÅPÅDÅ
Jêriting arcåpådå riptaning Allah,
sakawit dumadine sarwå endah,
samangkyå sangsåyå bubrah,
jêr solahing manungså kang srakah.
Salumahing bantålå asat garing,
alas kababad argå gundhul mêkingking,
dahånå mulad-mulad gawe prahårå,
anrajang samubarang klawan waråtå.
Banjir bandhang datan kwåwå dènselaki,
mångså bayubåjrå anggegirisi,
Ayo dènpêpêrti cancut tali-wåndå,
sigrak anandur wånå-wåså lan argå.
JM, madya ratri, 061023
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar