WASPADA LAN PRAYITNA ING PAHARGYAN KEPYAKAN MANTENAN
Modhel wong apus-apus (modus operandi) kaya crita ing ngisor iki sanyatane wus suwe, nanging ora ana alane yen prelu kacaritake maneh (mawa basa Jawa).
Kira-kira mangkene critane :
Ing satengahing kondangan pahargyan kepyakan mantenan ana pawongan kang neces panganggone memba-memba panitya pahargyan (panitya gadhungan) nyedhaki salah sijine tamu karo bisik-bisik nyilih kuncine yen montore prelu dielih/digeser jalaran ana montor sing kaling-kalingan arep metu. Emane sang tamu pracaya ngono bae kurang yitna njur menehke kuncine montor.
Sabenere panitya gadhungan mau wus ngulatake/ngawasi tamu mau nalika rawuh lan mapanake (markir) montore.
Wusanane, dienteni suwe kuncine kok durung dibalekake?, sang tamu nuli metu saka gedhong pahargyan mau.
Iba kagete, montore wus ora ana! Takon-takon menyang kang kadhapuk pangaman (sekuriti) jarene montore sawetara wektu wus metu digawa dening priya panganggone neces (perlente).
Dheg!, dheweke lagi nglegewa yen kena gendam apus-apus.
Waspadaa! Prayitnaa!
Modhel apus-apus kadya mangkono iku sejatine wus suwe asring dibage ing medsos utamane grup WA.
Mbokmenawa pancen crita iki minangka pangemut tumraping kita kabeh luwih aman yen aja gampang pracaya marang wong kang durung ditepungi. Luwih becik montor dielih dhewe.
Muga crita sapala iki migunani tumraping kita.
Nuwun, mugi pinanggih samya rahayu kang pinangkanipun saking Gusti.... Amin đ
JM, lingsir wengi, 201023
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar