FILOSOFI' LIMANG DRIJI

 '  kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02xVS1ntDnBa2XNgdyQz5RxJ3jhijndiufTow3eBhKT1TXQei6SeFNSi9z8yQCoRagl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc

Tembung 'filosofi' nggadhahi teges ingkang rowa, nanging ing ngriki kita watesi bab ngelmu ingkang migunakaken nalar akal budi bab samukawis ingkang dumadi, sangkan paran lan tata cara kadadosan sawijining bab wau.


Nate mireng punapa ingkang sinebut 'Filosofi limang driji'?

Cobi kita nudingi tiyang sanes. Nalika kita nuding dhateng ngasanes ngangge driji panuduh, mila badhe wonten tigang driji (driji panunggul, driji manis lan jenthik) ngener mring kita.

Punika ngemu wredi dene kita padatan gampil nuding utawi andakwa nglepataken tiyang sanes, nanging boten purun ngakeni kalepatan dhiri pribadi kita piyambak. 

Sumangga kita wiwit ngonceki sapari polah kita, punapa inggih kita sampun tumindak saturut kalihan dhawuhipn Pangeran Gusti Kang Akarya Gesang? 

Ampun suka rena nguningani kelapatanipun ngasanes, ampun enggal-enggal nudingi mawi driji panuduh amargi tigang driji sanesipun sejatosipun nudingi mring kita piyambak. Matrapi kanthi wicaksana nalika manggihi geguletanipun tiyang sanes ingkang nembe nandhang reribed lan kalepatan, patrap kados makaten punika mujudaken patrap ingkang kaprayogakaken wonten ing pasrawungan gesang bebrayan, inggih ing tengahing kulawarga, masarakat lan bangsa, temahan gesang rukun lan tentrem saged winujud.

Mugya Gusti amberkahi... Amin 🙏🙏


JM, Ahad enjing, 011023

        ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]  [^__^]





Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN