AYO KÅNCÅ PÅDHÅ BUDHAL
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02XDJ5n1LXT9mVGFWxUct27aa8h3FTzBajBP1M8aABGC5SGxousReSr2NuRNkGp14yl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc
Ayo kåncå pådhå budhal mênyang ing pawiyatan GBJ,
dyan akal kitå kasingsal nèng jaman kamajuan.
Såpå kang sênêng lonthang-lanthung bakal dadi wong punggung.
Mulå ayo mêsu dhiri sinau ngulir budi.
Mumpung kitå isih anõm nglari sanguning urip.
Sangu kang tan biså kalõng: budi padhang atêrtib.
Jå pisan kitå keduwung lamun krepõtan: bingung!
Nging karånå budi padhang, datan bingung, tan sumlang.
Sugêng enjing prå kadang GBJ sutrêsnå
månggå samyå mêrsudi kawruh sastrå lan budåyå
murih pikantuk padhanging driyå
nyadhõng èlmu saking pårå winasis dalah nimpunå båså Jåwå.
Salam têntrêm rahayu pinangkanipun saking Gusti kang Murbèng Wisesa.....
nuwun.
JM, anambut plêthèke radityå, 171023
✍ eNPe ️✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar