IBÅ ENDAHE ALAM
Ibå endahe alam ciptå-riptane Gusti
Sadhengah sato kewan dalah wõh-wõhan,
ugå sajagat-rat, lintang lan rêmbulan.
Gusti angrêkså sajagat-rat
sato ing samodrå, wånådri twin akåså cêkap têtêdhannyå.
Gusti anggêgulang kawulå, kacêlèk ing driyå, nulad hikmat Padukå.
Gusti mugi nglanting kawulå,
amrih sagah nyigêg bêbåyå.
Nadyan awrat kadõs punåpå
tatag, datan sêmplah ing driyå.
JM, gagat-bangun, 291023
✍ eNPe ️✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar