BAGYÅ NGGÈN PUNTAMPI

   kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0AUMr98fHvDsk2NfiEtRFTxa9E3DWatv9jznbEmSjth4259k89rh7a5QhQfEdE91Xl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc

Prå kadang råkå dalah rayi

Kangmbok tuwin adhiajeng sadyå

Bagyå nggèn puntampi

Kasugèngan gyå abyõr mring kitå.


Amba punrinênggå prå sami

Rinêngkuh kadyå sarirå puniki

Kang datan kêndhat ing pamuji

Rintên-ratri dènyå suwawi

Samudya krêntêging nålå ngriki

Konjuk mring Hyang Widi.


Sih nyå rumêntah mring kitå sadyå

Mugyå tansah sumilir-mili

Kraharjan pinanggih samyå

Sumånggå prå kadang samyå

Mung tansah mbudidåyå sinartan pujå ngaståwå

Sumendhe mring Pangèran têmah ngambah pêpadhang

Tan sande linuwaran têmah sinung kraharjan.


JM, lingsir ratri, 101123

        ✍️ eNPe ✍️

       [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN