AJA KELALEN TANPA KENDHALI

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0SfU31p4RbhonZ5DN9ot9GELJ2tJZ7bYBtPqWYYdJYc8MD4rFzrgAtDXSt6FbAi9il&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc

Ing donya iki ora ana kang asipat langgeng. Sarosa-rosane kita ngupaya angukuhi apa kang kita darbeki, bakal ana pungkasane kajabel. Ya ana mangsane sukarena ana mangsane uga duhkita, ana mangsane sarwa kacukupan ana mangsane kekurangan.


Kacarita ing sawijining nagari jumeneng sang nata kang nduweni pangwasa agung. Kaprajane kondhang tumeka njaban nagari sing dieringi dening mungsuh-mungsuhe lan para sekuthone. 


Ora mung samono bae solah-tingkahe, dheweke yasa allah liya kang dadi pepujane disembah sarta ngereh saben andhahan lan rakyate supaya nyembah allahe iku kanthi ngiming-imingi ngalap berkah lan kaluhuran semu.


Iya krana kadigdayane para mungsuhe tinaklukake, kabeh padha urmat nurut pangrehe sang nata mau. Nanging iku kabeh ora andadekake pangwasane langgeng. Tiba wancine nalika sang nata iku kasoran. Kabeh pangwasane lan kaluhurane bisa musna, ilang tanpa lari.


Mangkono iku dene pangwasa bisa agawe sang nata kelalen tanpa kendhali. Dheweke nindakake kabeh saseneng atine dhewe. Ora maelu mring liyan apa iku luput utawa bener tumindake, sing dipikirake mung kamisuwuran lan kawijayane minangka sang nata ya pangrehe nagari. Dheweke lali yen ana Gusti Allah kang Maha Linuwih katandhing allah-allah liyane ing donya iki, malah kapara blasar lan nerak saka ing paugerane Allah, Gusti Kang Maha Kawasa.


Ora ana alesan kita umate Gusti gumunggung ngagul-agulake dhiri kita yaiku ora prayoga kagendeng ing sipat adigang adigung adiguna kang sarwa ngandel-andelake unggul kuwasane, kaluhurane lan kapinterane/kaluwihane.

Mula mangkono ora prayoga kita rangu-rangu mring kaagungan, kamulyan tuwin kakuwasane Gusti Allah.


Salam tentrem rahayu kang pinangkanipun saking Gusti Allah mugya kajiwa saha kasalira mring kita sadaya, Gusti amberkahi ...  Amin Amin 🙏🙏


JM, minggu enjing, 261123

          ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN