LÊLABUHAN URIP
Sangganing urip tan kênå kinåyångåpå;
mobah-mosiking kawulå kadyå sinêngkålå;
kinubéng sêsriwutan madal pådåyåntrå;
tumrêcêping gåndå asêp mõntõr agawe sêsêg ing dhådhå.
Mênyang isuk mulih surup samyå;
tan nate kêtêmu sumõrõting radityå;
sadalan-dalan pêtêng kang pinanggyå;
kadikåyå sumpêking nålå kang sulåyå.
Amung lêlabuhan wajibing urip puniki;
yå darmaning kulåwargå dèn ayahi;
anyadhõng bêrkahing Gusti;
mugyå kasêmbadan kang kaèsthi.
JM, parak esuk, 251123
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar