SACANGKIR KOPI -pasemon-


  Sajrone acara pul kumpul, saperangan para wetonan pawiyatan sowan nemoni bapak gurune.
Swasana gayeng kae padha nyritaake uripe kang sarwa moncer ya ing pagawean ya urip pribadine.
Ana sing dadi direktur BUMN, ana sing dadi direktur Bank, juragan sugih, dokter, arsitek, konsultan lsp.

Mirsani para muride mau bapak guru enggal tindak menyang pawon saprelu mundhut sateko kopi panas lan saperangan cangkir sing beda-beda wujude, ana sing seka kristal, beling, keramik, melamin lan plastik.

"Wis.., wis... ngobrole kandheg dhisik. Iki bapak wus nyawisake kopi kanggo kowe kabeh", ngendikane bapak guru.

Meh bebarengan, para murid rebutan milih cangkir kang apik dhewe sing bisa kacandhak.
Wusana ing meja ana sing keri siji yaiku cangkir plastik elek dhewe wujude.

Sabanjure, sawuse kabeh padha nggujengi cangkir dhewe-dhewe, bapak guru wiwit ngecurake kopi panas saka teko sing wus kacawisake marang cangkir siji mbaka siji.

"Ayo padha disruput kopine!", dhawuhe bapak guru nyambi ngisi kopi nang cangkir sing isih keri dhewe lan ngunjuk bareng.

"Piye rasane? enak ora?" iki kopi asil saka kebon kaluwarga dhewe." ngendikane bapak guru.

"Wah eco sanget pak, punika kopi ingkang sedhep piyambak ingkang nate kula ombe!", wangsulane salah siji murid lan diiyani dening murid-murid liyane.

"Nah.., kopine enak ya? Nanging apa sliramu kabeh padha nggatekake? Sliramu padha rebutan milih supaya oleh cangkir kang apik dhewe wusana ninggalake cangkir siji sing elek dhewe?" , ngendikane bapak guru.
 Para murid padha pating plenggong sawang sinawang antarane siji lan sijine.

"Coba pigatekna, dene sliramu kabeh padha milih cangkir kang apik lan ninggalake cangkir siji kang murah lan kepara elek dhewe."
"Ya wus salumrahe lan jamak milih kang becik dhewe ing antarane kang ana. Nanging kang dadi pamikiran nalika ing antarane sliramu ana kang nora bisa pikoleh cangkir apik ndadekake rasa kurang marem. Sliramu kabeh nora diabani padha ndeleng cangkir sing kok gujengi lan nandhing-nandhingake karo cangkir kanca-kancamu."

"Pikiranmu amung katujokake mring cangkir, kamangka sing kok rasakake lan resepake iku dudu cangkire nanging kopine!"

"Ing jroning urip kita, ya urip ing donya lan pangibadah, kadya pasemon bab kopi mau, ewadene cangkire amung minangka sarana arupa pagawean, palenggahan utawa kasugihan kang kita duweni."

Para murid padha pating plenggong maneh krungu pratelan pangandikane bapak guru. Pratelan iku njalari nyentak kaget ngelingake para murid iku.

"Anak-anakku sing bapak asihi..." sambunge bapak guru. 
"Aja pisan-pisan nganti cangkir ndayani owah rasane kopi kang kita resepi.., cangkir dudu kang utama, nanging kopi kang luwih penting"
Aja duwe panemu lamun kasugihan, gebyare raja brana, pangkat lan pagawean kang sarwa mapan mujudake jaminan urip rahayu lan katentreman.

Iku panemu kang banget kleru malah yen kurang waspada bisa njlomprongke tumindak ala kayata ora jujur ing pagaweane tumeka korupsi, ora ngajeni mring liyan lsp.._

Laku utama ing urip lan pangibadah kita ora katemtokake "Apa kang katon saka njaba" nanging "Apa kang ana ing njero nala"
Kadigdayan, pangkat, palenggahan, kasugihan, jeneng kang misuwur iku kabeh amung ecap minangka tetenger bae.
Nora kok kleru yen padha ngudi iku kabeh.., nora kleru yen kita kepengin nduweni.
ANANGING.., elinga kabeh iku amung mujudake sarana urip!
Sarana migunani dene bisa nglumantarake kita tumuju gegayuhan kang kaesthi.

Apa paedahe nduweni samubarang sarana, lamun kita nora bisa ngrasakake urip tentrem lan rahayu, adhem ayem nora tansah nggrangsang?

Iku nyedhihake!..
Jalaran bab iku kadya dene ngresepi kopi elek rasane kang di ladekake ing sacangkir kristal larang nanging ya tetep bae rasane nora enak.
Mula kunci nikmate kopi dudu saka sepira apike cangkire, nanging sejatine marga sepira apike rasa kopine..!

Bagya anggone ngresepi sacangkir 'kopi panguripan' !

Kunci nikmating urip dudu sepira gebyaran donya kang didarbeki, nanging sepira gedhene lelabuhan bebudene kanggo sangu ing ngaluhur!

Sumangga!

JM, sidhem dalu, 231123
          ✍️ eNPe ✍️
        [^__^]  [^__^]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN