KAPOTANGAN SAMBUTAN ANJALARI BENJOL
Kawuninga bilih ing jaman kang sarwa majeng ing dinten samangke kathah para warganing ratmaya sami lena mendhet seserepan ing kemajengan pawarta ingkang sliweran. Pawarta kang kalebet pinitados punapadene warta ingkang ngayawara kang kasebat 'hoak' /palsu.
Ingkang badhe kula aturaken ing ngriki conto bab ramenipun pawarta kapotangan sambutan mliginipun lumantar 'pinjol.' kang njalari bendhol/benjol. 🤪🫠
Menawi pun gagas estu adamel ngelus dhadha. Cobi ta kadospundi boten ngelus dhadha, wonten tetiyang ingkang gadhah sambutan/potangan dumugi 'MM-an' ngantos tega merjaya semahipun, sedherekipun utawi tiyang sepuhipun jalaran boten saged ngwangsulaken yatra ingkang punsambut.
Kapireng ugi warta kadadosan ingkang dereng dangu kapengker, wonten tiyang ingkang badhe 'nyaleg' punjanjeni utangan 30-M dening tiyang sugih tanpa tanggelan kanthi iming-iming saged dados anggota DPRD-DKI nanging kedah bayar yutan kangge tumbas koper. Ingkang boten nalar kok sagedipun pitados punapa malih lumantar 'calo' (panglumantar), lha estunipun kacidhuk klebet calonipun wau.. hihihi apa tumon kaya ing negeri dongeng bae?
Menawi kita gagas-gagas carios ing nginggil kok nggih dados tiyang gampil keblinger kabujuk iming-iming kang punjanjeni. Kok nggih bodho timen ngantos nalaripin kasampiran geber ndadosaken limeng ing panggraita wontenipun namung gegambaran gesang ingkang sekeca kebak kamulyan.... walah-walah ngono kok arep dadi anggota DPRD?? njur tundhone tumindak korupsi kanggo balik paitan... heemm mrihatinake..! ngono ya ngono, ning aja ngono.. 😩🫡
Para kadang kinasih, kula kinten kathah pawarta ingkang boten saged punandharaken ing seratan ngriki. Kita taksih pitados bilih pangetrapan ukum ing negri +62 puniki saged gumelar kanthi saadil-adilipun.... Amin Amin mugya Gusti angijabahi. 🙏🙏
Mugya kemawom ingkang sampun kepranggul pamengku ukum sampun ngantos kedangon anggenipun mriksa, enggala kemawon netepaken pepancasan ukumanipun miturut pranatan ukum kanthi adil boten pilih asih.
Salam tentrem rahayu kang pinanggya,
mugya kajiwa lan kasalira kang pinangkanipun saking Gusti piyambak rumentah mring kita sadaya.... Amin Amin 🙏🙏
JM, lingsir dalu, 281123
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar