PANGUDARASA KAHANANING NAGARI

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02KgWPi6jEW367TzPbaVPLfEtnxJcubuDd1pe8cfSQY545FfNqNc3DQYrATwnh6PG1l&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc

 Kapan bangsaku iki bisa nyawiji gotong royong ambangun praja kang subur?

Saiba yen ta para pandhegane nagari, para ahli sing misuwur, para tukang ngomong (sing mlebu tipi-tipi), tukang mada lan tukang nacad mring liyan (kamangka datan nate aweh pisungsung mring kamajuwane bangsa lan nagari iki) wiwit keduwung lan kawiyak pikire saha kabeh bisa nyingkuri adad kang ala nuli dadi pribadi kang luhur bebudene temahan nyawiji gegandhengan tangan cancut taliwanda. 

Aweh pamikiran-pamikiran kang maedahi samya gotong royong ambangun praja kang gemah ripah loh jinawi tumuju kawulaning nagari adil lan makmur tentrem raharja.


Kaya ngapaa bae saiba dhuwit sing diunthetke tukang unthet bisa bali mring nagara & kawula nagari, nagara bakal bisa aweh pawiyatan lan usada lelahanan/gratis nyawisake papan lan pangupa jiwa mring pra warganing bangsa.


Oh pra mitra lan kadangku kabeh singkuren olehmu regejegan padudon rebut kursi, nyawijia, aja kablenggu ing golongan lan partaimu, aja seneng nacad mring liyan, gawe pitenah lan tukang ngojok-ojoki amrih congkrahing paseduluran.

Ayo ninggala adad kabiasan ala mau!…

........

Sayuk-sayuk rukun bebarengan ‘ro kancane ngayahi karyane praja kanggo mulyaning nagara

siji . . . (loro), telu . . . (papat) mlaku gegandhengan diulang-ulungake mesthi enggala rampunge.

 

JM, sirep bocah, 121123

  rinonce dening 

     ✍️ eNPe ✍️

     [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN