MENYANG SUROBOYO MUDHUN ISRAEL ?? -dongenge Mukidi-
Sawijining dina Mukidi lunga menyang Suroboyo. Sawuse mudhun ing terminal Osowilangun, Mukidi salin bis kota jurusan Jl. A Yani. Mukidi lungguh jejer bapak sepuh sing mau munggah saka Lamongan, Mukidi nunggang seka Babat.
Mukidi nyoba ngaruh-aruhi. "Mbah badhe mandhap pundi?"
"Mudhun Israel!", ngono wangsulane, bacute meneh, "Aku nang kono nunggoni sedulurku sing lagi lara."
"We laa dalah, niki teng Suroboyo mbah, mosok onten Israel, dumeh wau dalu kedangon mirsani perang Israel - Palestina ing pawarta tv nggih", wangsulane Mukidi rada lirih kuwatir yen bapak sepuh iku sulaya.
Ora let suwe, njur bis-e mandheg nang ngarepe Rumah Sakit Angkatan Laut, kondhekture bis bengok, "Er es a el, Er es a el !" (RSAL), banjur bapak sepuh mau menyat lan mudhun karo gremengan, "....lha iku Isrel!".
"Ooo walah mbah mbah nganti aku mau bingung!!???.."
Mukidi mung mesem nyipati kedadean sing lagi wae mau.
Timbangane ngantuk Mukidi njur liyep-liyep lungguh kursi dhewekan neruske laku.
Wis.., dipunggel sik critane, suk dibacutke meneh.... salam Mukidiđ€... he he heee...đ€Șđ€Ł
JM, sore-sore, 1311123
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar