GUSTI MUGI NUNTUN KAWULÅ -rêrêpèn pangajêng-ajêngan-
Gusti mugi nuntun kawulå
amrih tansah manut Padukå.
Nadyan ribêd gilir gumanti,
tamtu kulå kadugi nyanggi.
Gusti mugi nglanting kawulå,
amrih sagah nyigêg bêbåyå.
Nadyan awrat kadõs punåpå
tatag, uwal saking dursilå.
Gusti mugi nunggil kawulå,
murih kadugi nglawan godhå.
Têmah kawulå wijåyå ing yudå
wit wontên ing auban Padukå.
JM, bangun-esuk, 181123
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar