LAKU BEDHANG

   kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02BQYV5NRAs4E6BXF6s4nve3Eg83oFvfmQSqq4eGSYmFXX1iCH8NCfSLcouKfRyLxdl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc

Punapa kita nate mireng tembung 'laku bedhang'?

Bedhang tegesipun dhemenan /sir-siran kaliyan ngasanes (lawan jinis).

Kathah kedadosan kawartakaken bilih wonten tiyang jaler utawi estri laku bedhang lajeng semahipun boten trimah kamitegan nganiaya malah dumugi pejahipun dhemenan semahipun. Wonten ugi ingkang punwastani kdrt (kekerasan dalam rumah tangga) kedadosan laku bedhang ingkang damel miris kok tega-teganipun merjaya anak-anakipun piyambak cacah sekawan, mendah ngrerujit raosing driya. -nyawa kok ora ana ajine... heeemm..-


Gusti Allah sampun paring angger-angger utawi wewaton bilih manungsa punawisi tumindak laku bedhang, awit bilih angger-angger kalawau punterak manungsa dhawah ing dosa.


Tuladhanipun, bilih tiyang estri ingkang sampun emah-emah lamun purun punepek semah tiyang jaler sanes salebeting kang jaler (semahipun) taksih gesang, tiyang estri wau punwastani tumindak laku bedhang. Nanging manawi semahipun sampun tilar donya, tiyang estri wau kawastanan sampun uwal saking angger-angger, satemah manawi punepek bojo tiyang jaler sanes, boten punwastani laku bedhang.

Makaten ugi tuladha ing ngajeng boten namung dumados kangge tiyang estri kemawon, nanging ugi tumanduk dhateng tiyang jaler anggenipun nglampahi laku bedhang.


Salam tentrem rahayu kang pinanggya... Gusti amberkahi... Amin Amin 🙏🙏


JM, gagat enjing, 091223

          ✍ eNPe ️✍️

          [^__^]  [^__^]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN