LAMPU_PETROMAKS

  kapacak ugi ing https://fb.watch/p6OISYIfF2/?mibextid=2JQ9oc

Ngemutaken jaman alitan kula, kula taksih meningi lampu mawi lenga pet / minyak tanah.

Bapak kula pendhak serap nyawisaken  lampu pompa isinipun lenga tanah kangge bahan sumber tenaganipun. 

Wadhahipun tangki (kados ing gambar) pun pompa ngedalaken gasolin lumantar kaos lampu pethak lajeng dipun sumet ngangge korek dangu-dangu kaos lampunipun saged murup lan padhang sorotipun.


Para sedherek PBJ/GBJ punapa inggih nate meningi lampu petromak, menawi taksih meningi ateges kita sapantaran. 

Jaman samangke sampun ewah, kemajengan tehnologi sumrambah klebet ing 'sumber energi' ngantos pinanggih lampu ingkang maneka warni samangke wonten lampu LED aranipun.


Bokbilih kita klebet pawongan ingkang gesang ing tigang jaman, jaman ora enak, jaman setengah maju lan jaman sarwa maju/modern. Puji sokur punika kala wau awit peparing berkahipun Gusti Allah Kang Ma' Asih, matur nuwun Gusti pinaringan dirga ing umur mugi kebak berkah Paduka dhateng gesang kawula mugi sumrambah dhateng para kadang sadaya.... Amin Amin Aminn 🙏🙏🙏


Mugi rahayu kang pinangkanipun saking Gusti Kang Ma' Agung karumentahaken mring kita sadaya (kula & panjenengan) para umatipun kang kinasih... Amin Amin Amin 🙏🙏🙏


JM, madya ratri, 231223

         ✍️ eNPe ✍️

         [^__^]  [^__^]





Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN