ELING, ELINGÅ...
He sagung prå pangwåså, kang matêk aji mamåntrå jåpå
luru alêmbånå ing ngarêping prå kawulå
aywå muhung sêsumbar jangji sêtyå
aywå cidrå ing ubåyå dèn sêselak lan blenjå.
Eling, elingå...,
prå kawulå butuh kajujuranirå
dhêdhasare anêmtóknå pilihannyå
wus dadyå pêpingine prå kawulå
duwe pamóng kang biså angêntas såkå kasèkèngannyå
urip têntrêm raharjå twin mulyå.
He sagung prå pangarså pråjå
elingå mring sêsumbarirå sing jare mbelå prå kawulå.
Kamulyan lan pangwasamu iku sinandhang krånå pilihane prå kawulå
masiyå darbe kwåså åywå supe mring Kang Må' Kawåså
åywå kadlarung lèhmu blasar såkå pranåtå
biså-biså kajabël såkå ing pundhakirå.
JM, parak esuk, 201223
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar