WOHE KEKANCAN KANG BECIK
Kairing puji lan sokur awit Gusti Allah kepareng nemokake kita marang maneka uwong, piyayi sarta para kadang sutresna kabeh nedya ambangun sesambungan kekancan/paseduluran kang becik lan sarwa nyenengake awujud paguyuban. Apa iku ing paguyuban ratnyata apa iku ing ratmaya krana adhedhasar asih padhadene mbutuhake, ajen-ingajenan temah suwe ning suwe nambah rumaket marang para anggotane.
Mulane mangga kita jaga samya rineksa murih tambah rumaketing paseduluran iku mau. Kita datan nate ngerti kapan kita mbutuhake anane wong liya, lan uga ing wektu kang padha samapta dhiri ambiyantu wong liya kang mrelokake.
Sesambungan paseduluran becik kang wus kawiwitan lan tansah dijaga iku, mendah banget endahe. Sesambungan apik kang wus dumadi lan rinasakake padhadene mbutuhake siji lan sijine temtu tundhone/wohe agawe luwih akeh manpangate/paedahe tinimbang lamun padha sujanan, sanggarunggi lan pasulayan. Andharan ing ngarep mau cundhuk karo sesorah "Rukun agawe santosa, Crah agawe bubrah".
Sumangga kita budidaya ambangun sesambungan kang becik sarta kekancan mring wong saakeh-akehe kanthi tulus lan padhadene pinracaya ajen-ingajenan. Ya krana mangkono urip dadi luwih nyaman kebak katentreman ing antarane para kekadangan iku.
'Guyub rukun salawase', tembung iku asring kita pirengake kang ateges duweni samya sedya bebarengan ambangun pasrawungan kang nentremake.
Mugi rahayu kang pinangya Gusti amberkahi... Amin Amin 🙏🙏
JM, sande kala, 071223
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar