SINDROM BANYU SEGARA (kacaritakake dening dhokter)
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0hvLAJix4XDjq8XEDxX96eNLQhGusU4PmahMoNNwRJXvCMergwR17jUNiYArx9BdYl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc
Aku cedhak banget karo bapakku, ana ing ngendi bae bapak aku tansah ana ing sisihe, ya lagi dhahar, lenggahan ngunjuk teh kopi, sarapan bubur lan tindakan ngendi bae tansah dak dherekake.
Ananging saploke kurang luwih 20 taun aku urip ing Jakarta, wus arang jejagongan ngobrol bareng.
Uripku pedinane minangka dhokter akeh banget nulad saka bapak.
Aku kelingan jaman cilikanku (SD / SMP) aku kerep mrangguli ing pawon akeh banget woh-wohan lan sayuran kayata salak rong karung, gedhang satundhun, iwak mas / lele saplastik gedhe, beras pirang-pirang karung lan sayuran maneka werna.
Nuli aku matur marang sibu, "Saking pundi menika sadaya bu?"
Ngendikane sibu, "Saka pasiene bapakmu ndhuk sing ora saguh bayar olehe priksa, dadi iki ijole minangka tandha pamatur nuwun, asil sawah lan kebon dikirim mrene"
Wektu semono aku durung ngreti, mulane ya mung manthuk-manthuk bae.
Sawijining dina pinuju bapak lan aku lungguhan ing ngarep TV keprungu telepon muni seka perawat RS, aku krungu bapak paring wangsulan, "... ya wis, pasien dileboke ing kamar operasi, kandhaa nyang administrasine dr TH sing tanggung jawab!."
Aku njur matur, "Wonten menapa pak?"
"Ana pasien arep operasi, wus suwe dienteni jare kulawargane mulih kampung njupuk dhuwit nanging nganti seprene durung ana dhuwit kanggo bayar tanggungan (jaminan), dadi ya wis bapak netepake yen bapak sing nanggung jaminane supaya pasien enggal bisa dioperasi, sedhela engkas bapak tindak nang RS ya", ngendikane bapakku.
Aku matur meneh, "Menawi arta kangge bayar jaminan operasi dereng saged, dospundi mangke wragad operasinipun?"
"Ya wis, piye meneh, ya gratis ta...", ngono paring wangsulane bapak klawan entheng.. " iku tegese Gusti Allah sing dhawuh supaya bapak sing nanggung", ngendikane meneh.
Aku krungu mung meneng bae nanging rada jengkel, mosok wong nyambut gawe ora diregani, ngono batinku nalika semana.
Ora let suwe, telpone muni meneh, seka perawat kamar liyane lapuran yen ana pasien ora bisa mulih lan ora bisa bayar ongkos operasi lan RS.
"Ya wis honorku ora usah dibayar ya, rak ya cukup kanggo bayar RS ta?", paring wangsulane bapak ing telpon.
Aku tambah jengkel krungu iku, "... ya iku bapak, kerep digathaki uwong, gampang banget nggratiske uwong..." ngono aku karo grenengan.
Bapak pirsa iki mung alesan ya (Modus), wong-wong ethok-ethok nangis ora duwe dhuwit njur klawan entheng bapak ngendika gratis (lelahanan)...
enak bae wong-wong iku... embuh ing kampung padha duwe sawah lan kebon...
ing donya iki pipis bae bayar, mosok dhuwit operasi sing yutan ora bayar.... yutan lo ora ewonan!!!... ngono iku kira-kira sing mbulet ing ngalam pikiranku.... 🫡🫡
Aku dadi muntab jalaran saulihku saka Jakarta, aku kerep krungu critane seka para perawat bab bapakku, yen ana pasien mlarat ora bisa bayar priksa bae nang dr. TH (bapakku) mothah njejaluk (ngrengek) lan sedhih, mengko bakal digratisake lan malah diparingi dhuwit kanggo sangu mulih.
Krungu mangkono iku aku tambah jengkel lan protes ora lila.
Klawan enthenge bapak ngendika, "Yen wong-wong iku kandha ora kuwat bayar merga uripe kesrakat (mlarat) njur arep dikapakake meneh?"
"Apa iya tega kita akon ngedol omahe kanggo bayar operasi?"
"Bar operasi kepeksa turu ing ngemper toko utawa longan ngisor kreteg?
... utawa ora mangan jalaran kudu operasi? regejegan padu karo anak bojone merga kudu bayar operasi?"
Aku nyambungi, "Menawi piyambakipun ethok-ethok sanjang mlarat boten gadhah yatra?
Paring wangsulane bapakku, "...kadya sing diimani... dheweke bakal dadi mlarat temenan!"
Aku sanalika cep klakep meneng krungu ngendikane bapak sing pungkasan!.
Bapak mbacutake, "... ora apa-apa ndhuk kita diapusi wong..., Gusti Allah iku Maha Wikan, Pirsa samubarang, yen wong iku goroh iku tanggung jawabe marang Gusti, lan tanggung jawab Bapak marang Gusti minangka dhokter wus cukup dadi iku lelabuhane marang sasama uga dadi wajibing urip iki"
Bacute meneh bapak ngendika, "Kowe rak ya ora njaluk-njaluk ta ndhuk, kacukupan uripmu, mangan ya kacukupan, bisa sekolah nganti tutug dadi dhokter".
"Aja nganti kita ketaman keblinger kasugihan donya sinebut "Sindrom Banyu Segara".
Apa iku Sindrom Banyu Segara?
"Iku mujudake penyakite / lelarane wong sugih, wong saya sugih sangsaya ngorong marang kakuwasan lan kalenggahan (jabatan) nganti sepira bae dhuwite isih sarwa nggrangsang ora cukup."
bacut ngendikane bapak, "Coba yen kowe ngelak njur ngombe banyu segara, kowe bakal tetep ngelak..., ora tau krasa marem rasane tenggorokan, pengin ngombe lan ngombe terus..."
Sindrom iku uga kerep kadunungan ing wong sugih medhit, cethil... apa kowe tau meruhi?
"Inggih asring pak", wangsulanku.
Ngendikane bapak sabanjure,
"Mula ora ana paedahe kita sugih dhuwit nanging ora tau andum dedana lan pisungsung."
"Tau nggatekake kali sing ora mili banyune? Banyune ngecembeng reged ireng buthek rupane lan mambu..."
"Iya kaya mangkono iku urip.
Lamun urip kita ora tau andum, aweh pisungsung mitulungi sasama kang uripe kesrakat, urip kita "reged, jember lan mambu."
Sugeng enjang saha sugeng jejibahan ngayahi darmaning agesang.
Salam tentrem rahayu, mugya Gusti amberkahi... Amin Amin 🙏🙏
JM, gagat-bangun, 02823
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar