MANUNGSÅ KANG MLUKU GUSTI KANG SINUNG NUGRÅHÅ
Manungså kang mluku, anyêbar winih,
lamun kasuburan, Gusti kang sinung nugråhå.
Siniram tirtå riris, gilir gumanti håwå panas,
têmah thukul, tuwuh subur lan ngrêmbåkå.
Samubarang riniptå, kang adõh kang cêdhak uga,
wiyarane samodrå lan rungguting wånåwåså.
Datan sawijiå linirwakake, kabèh rinêngkuh Astane Gusti,
datan kêndhat karumuntuhan rêjêki.
Katur puji sokur sinung nugråhå Sih katrêsnan Padukå, dhuh Gusti,
mring cipta ripta, bêrkah såhå rêjêki.
Datan kêndhat kababar agunging Sih Trêsnå Padukå,
pinuji-puji aståwå Gusti Hyang Må' Kawasa.
JM, madya ratri, 21923
✍ eNPe️ ✍
]^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar