KORUPSI GAWE KASANGSARAN

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02RMK7nzDVcBt2w6uterfZVbYU4qH4odvsAPqkCWE2FmNNxFQAGJRN2SGY8WQLv4Vzl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc

Tembung korupsi (ing kene diwatesi nampa besel ngunthetke dhuwite negara) wus ora nganeh-anehi ing kuping kita.


Ana dhawuh pangandikane Allah kang wus katulis ing kitab-kitabe para Nabi  sing surasane "Aja laku bédhang, aja mematèni, aja nyolong, aja mélik barangé liyan" lan sadhengah dhawuh liyane, kuwi kabeh wis klebu ana ing dhawuh: "Tresnaa marang sapepadhamu dikaya anggonmu tresna marang awakmu dhéwé!"


Sapa sing tresna marang pepadhane kuwi ora bakal nandukake piala marang pepadhane mau. Kosok baline sing nandukake katresnan, kuwi padha karo nglakoni pepakon dhawuhe Gusti Allah. 


Ngelingi kahanan kang kadadean samengko/saiki iki akeh para pangrehing praja ya abdine nagara kang jumeneng pamong praja dadi jejering panguwasa padha tumindak nampa besel ngunthetake kaskayane nagara kasarane nyenyolong (korupsi), iku wacaka/tetela yen sejatine padha nerak pepakon kang kasebut ing ndhuwur. 


Kita kabeh wus ngawuningani dene tumindak kadya mangkono iku gawe kasangsarane wong akeh. Iku kang sinebut nandukake piala mring sapepadhane mau. Karahayon lan kemakmurane masarakat dadi rinampas temah gawe jerit tangise wong cilik.


Elinga! hee para duratmaka (koruptor), tumindak sira kang nerak pepakone Gusti Allah, bakal tumiba uga bebendune Gusti. Padha mratobata samangsa isih ana wewengan wektu!


JM, lingsir wetan, 28923

         ✍ ️eNPe ✍️

         [^__^]  [^__^]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN