SIH RAHMATE GUSTi ANYÊGÊRAKE

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0nNkgDxr3NkFh5DD1T7NQ1g6tP3is19xSHKY5nNHj72pchdvb8rUe4CmzhHswihkRl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc

   Kahanan ing nêgri iki kang pêndhak dinå kitå nyipati ing têngahing masarakat uripe ngalami kêkisruhan, ånå bae rakyat cilik uripe kêtulå-tulå dikuyå-kuyå, didhêsêk/diêsuk dening wargå liyane kang duwe prabåwå/kwåså.


Nadyan mangkono, 

  Sih rahmate Gusti pêndhak esuk anyêgêrake sêdinå natas,

tan kêndhat ganjaran kang kasinungan.

  Ohh Sang Lintang Pajar kang padhang jingglang, cahyaning karumêntahnå,

têmahan ing nålå kêbak trang lan Sih Rahmate Gusti.

  Kasingkirnå pêpêtêng ing arcåpådå. kwåså jahat kausirå,

kasinunganå kêbak ing têntrêm rahayu tinuntun Astane Gusti.

   Kalancarnå trang margining umat nadyan donyå kêbak rêribêd,

klawan têguh pracåyå Gusti kang mikukuhake.


   Kawicaksanan dumadi marang kang kawogan kanggo ngudhar reribêd,

mugyå rahayu kang tinêmu... Amin 🙏


JM, pajar-sidik, 27923

        ✍ eNPe ️✍️

        [^__^]  [^__^]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN