PEMIMPIN INGKANG MRABAWANI
Katentreman lan karaharjanipun rakyat satunggaling nagara kathah utawi sekedhik dipunprabawani dening pemimpin ingkang mandhegani. Pramila kita kedah estu-estu boten sembranan anggenipun milih pemimpin.
Dene menawi ingkang nglenggahi pamong, pemimpin utawi pandheganing satunggaling praja punika piyantun kang boten 'leres' (duraka) mila masarakat badhe manggihi bilahi. Awit pemimpin ingkang boten nggadhahi kawicaksanan saha iguh ing bebudenipun, temahanipun saged damel risaking tatanan pasrawungan lan kakisruhan.
Pramila boten nggumunaken bilih tiyang ingkang datan budi nggadhahi kuwaos lan dados pemimpin saged andadosaken bubrahing pasrawungan nunten anjalari risaking tatanan gesang sesarengan.
Ing wekdal samangke, kita saged tumut nemtokaken sinten kemawon ingkang saged nglenggahi pandheganing praja lan negara lumantar pagelaran dhemokrasi kang kondhang Pemilu. Kita sayogya wicak mendah wigati sanget pemimpin kangge katentreman lan karaharjan satunggaling nagara.
Pramila, kita sampun ngantos sembranan milih pemimpin, prayoga kang saged ngemban dalah ngayahi darmaning gesang bebrayan puniki, amargi kamakmuran, karaharjaning masarakat gumantung sinten ingkang dados pemimpin ingkang kebak kawicaksanan saha luhur bebudenipun.
Nuwun, punika sawetawis uneg-uneg nguningani kawontenan umyek ing pawarta-pawarta kang pendhak dinten kita piyarsakaken.
Bilih lepat nyuwun pangapunten.
Mugi rahayu kang badhe pinanggih awit saking berkahipun Gusti... Amin 🙏
JM, lingsir wengi, 050923
✍ eNPe ️✍️
[^__^] [^__^]
ngoko,
Katentreman lan karaharjane rakyat sawijine negara akeh utawa sethithik diprabawani dening pemimpin kang mandhegani. Mulane kita kudu bener-bener ora sembrana anggone milih pemimpin.
Dene yen kang nglenggahi pamong, pemimpin utawa pandhegane sawijine praja iku wong sing ora bener (duraka) mula masarakat bakal nemoni bebaya. Pemimpin kang ora duweni kawicaksanan lan iguh ing bebuden tundhone bisa gawe rusaking tatanan pasrawungan lan kekisruhan.
Ora nggumunake yen wong tanpa budi nduweni kuwasa lan dadi pemimpin ndadekake bubrahing pasrawungan bisa njalari rusake tatanan urip bebarengan.
Ing jaman saiki, kita bisa melu nemtokake sapa bae sing bisa kapilih nglenggahi pandheganing praja lan negara lumantar pagelaran dhemokrasi kang kondhang Pemilu. Kita kudu wicak iba pentinge pemimpin kanggo katentreman lan karaharjan sawijine negara.
Mulane, kita aja nganti sembrana milih pemimpin, prayoga sing bisa ngemban tugas wajib ing urip bebrayan iki, amarga kamakmuran, karaharjane masarakat gumantung sapa kang dadi pemimpin kang kebak kawicaksanan lan luhur bebudene.
Komentar
Posting Komentar