Postingan

LÊRÊMÅ LAN SABARÅ

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02zwB9MqEdNx8u6mSh39K9yvYsmbLDnR5NjQV1zppJ2KABtuiUCe2k6HaV4ecq3zgvl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Lêrêmå lan sabarå, he jiwaku tanggòn sangsårå, aywå ngrêsulå. Pasrah lan pracåyåå marang Gustimu sanggyå duhkitå kang tumåmå. Allah satyå datan nguciwanyå såpå kang ånå ing payoman-Nyå. Lêrêmå lan sabarå, he jiwaku karêbèn tansah kinanthi Gusti. Ing astane Gusti piyambak kang kawuri wus sirnå amapag ing têmbe kang sumadhiyå. Horêging bajrå datan anrajang 'wit sanggyå ing waseså Gustimu. Lêrêmå lan sabarå, he jiwaku kalamun kapundhute kadang sêtyå kang nêmbe tumåmå ing sungkåwå. Gusti angêntas abóting duhkitå muhung sih nugråhå kang katåmpå såkå Gusti Sumbêr Panguripan lan Må Waseså. JM, lingsir wêngi, 24324            ✍️ eNPe ✍️           [^__^]  [^__^] sórógan jarwånan, Tenang dan sabarlah, wahai jiwaku, tahan derita, jangan mengeluh....

PRATELAN TEMBUNG 'TEHNOLOGI' ing TATA TULIS LATIN BASA JAWA

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid0VKQjppdUoc1xCJ7Cqexi4kPviR6aahk7tbmb9m8XVA8SPLbMRrvUcxP1qDnNbE8Bl/?mibextid=Nif5oz Para sutresna gegladhen basa Jawi ing pundi kemawon lenggahipun/dunungipun, kepareng kula badhe atur pamanggih ingkang bokbilih pun anggep kirang misra.  Kula badhe nyobi ngrembag bab #'tehnologi'. Sacara umum, 'tehnologi' suwaunipun anggadhahi teges ingkang prasaja/ringkes inggih punika arupi gagasan, pamikiranipun tetiyang menggahing tata cara ngelmu tartamtu kang saged damel nggampilaken pakaryan kang saged murakabi kangge tetiyang puntampi lan punakeni dening tiyang kathah. Dene danguning dangu, samangke ing jaman sarwa majeng tembung tehnologi sumrambah ing sadhengah babagan ing pagesangan manungsa. Saya malih ing samangke punika karana kemajengan 'tehnologi informasi' ngelmu kawruh (ilmu pengetahuan) punapa kemawon saged sumebar ing saindhenging jagad raya. Klebet ugi kawruh bab tata-cara panulisan bas...

GOLEK AMANE lan EMANE

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid023z6KBnmaXwGiQ5eKoJsx8HUiWSBLu9ccTCt2w1MGQvmgeuR7SmoV8Q2BShn7szczl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Nalika sawijining pamong drajat pangkat lan kalenggahane kaancam, dheweke nedya nindake apa bae kanggo nylametake/amane, klebu golek lenane murih njegal mungsuh/lawan tandhinge. Ananging yen kira-kira apa kang katindakake bakal ngapitunani awake dhewe, dheweke njur ngupaya daya-daya golek slamete/amane (ben tetep kuwasane) lan golek emane (eman-eman yen ilang kursine sing mendat-mendut) klawan ethok-ethok ngrangkul srana nyengkuyung lan nyarujuki sang lawan mawa lelamisan. Patrap kaya mangkono iku mbebayani tumrap sawijining pakumpulan apa bae cilik utawa gedhe wewengkone. Dadine, pawongan kang mangkono iku milih golek aman awit supaya kuwasa kang diemban tetep kuwat lan kukuh ora oyag-oyig yen prelu salawase bisa dadi panguwasa, senadyan kapeksa nyelaki kabeneran ethok-ethok ora ngerti. Kita m...

TRESNA IKU SEPI ING PAMRIH

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0nRdrPTuBe1X9mHWx9fBWConszSo8mMhBYskwWiEi1pG349UphzDtFPPkoFUh6hcl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Tresna iku sepi pamrih 'wah luber ing budi, tan gumunggung lembah manah tansah andum berkah. Tresna iku sabar drana tulus angapura, tepa slira 'wah jatmika myang lampah utami. Punggelan ukara kang rinakit ing larikan bait rerepen ing nginggil menika mendah ukara kang ngresepaken, ewa samanten boten gampil cak-cakanipun. Boten sabarang tiyang saged nglampahi kanthi trep. Menggahing makaten menika mujudaken nut trepsilaning pitutur luhur ingkang lebet magnanipun lamun saged rumesep salebeting driya (tuking pangraos), gumantung jembar ing raos-pangraos tuwin wening ing manah menika piyambak. Nyumanggakaken! 👏 sorogan :   'wah > muwah, miwah = lan    drana, darana = sranta, sareh, sabar temenan    jatmika = tata-trepsila ing tandang tanduk    myang > menyang ...

NGUBER-UBER PANGKAT LAN KALENGGAHAN

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0Mttrfy2nYSYLk4mi7BYMWsHjXGNBVhUhfHCc4mDR4dp2UCRkhj2rzExbYPjxmkm7l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Pangkat lan kalenggahan mujudake sapasang kang dadi incerane wong akeh. Kenapa mangkono? Iya, jalaran pangkat lan kalenggahan mujudake sapasang kemajuan sukses sing diuber-uber datan maelu apa bae carane, embuh iku lumrah embuh iku nekad nerjang tatanan urip bebrayan ing tengahing masarakat. Kawusanan sing dumadi saka kahanan nguber-uber pangkat lan kalenggahan mau bisa andadekake rame lan ribut nganti congkrah ing kekadangan. Kadhang lamun ana pamong utawa pandheganing praja kang nduweni napsu marang kalenggahan kang disandhang nganti dheweke ora lila lan ora sanggup diganti/dilengser pindhah tugase, malah ana sing ora trima yen kalah ing tetandhingan anggone rebut pangkat lan kalenggahan mau. Akeh pangageng/pamong ing pamarentahan ngupaya mati-matian nggondheli pangkat lan kalenggahan klawan c...

ANGRÊKSÅ ALAM TÊTÊPÅ LÊSTARI

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02nxUmTnNi2gCkb4PyaZ3DoUZs6JCA15sKMn4gfyVXVfL4AyU62qNnmw8Aqk6DAhjPl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Bumi dening Gusti kariptå sarwå endah ing kawitannyå. Jalaran ulahe manungså kocapå saiki luntur kaendahannyå. Sangsåyå bêrå ing bantålå karånå gundhul wånåwåså. Payo samyå enggal makaryå agawe ijo têtandurannyå. Kababadi uwit lan têtanduran banjir bandhang anrajang sawah lan pakebónan. Payo sayuk rukun bêbarêngan nanêm têtanduran lan kêkêmbangan.   Kaosik sumbêring kauripan sato kewan kaobrik-abrik, pomahane karayahan. Payo sayuk rukun bêbarêngan nglêstarèkake endahe alam banjaran.   Ilining tirtå wiwit jêjêmbêran buthêk kêbak bêkakrahan. Payo sayuk rukun bêbarêngan rêrêsik sumingkir såkå apêk larahan.   Ing kutub gunung ès lèlèh dlèwèran puló-puló klêlêp mblêdhêsi Payo sayuk rukun bêbarêngan angrêkså alam têtêpå lêstari. sórógan :   bêrå, arahårå = gersang, tandus >bs. ...

LELARAN ING SOSMED YAIKU PAMER

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0ivzBtHp7a7J3rVWXSXWdgehg2T8ea67gbKVfcbx4yLEnRc2dWKWQNb66sHeiZJkul&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz 1. Pamer wajah (rai, praupan, pasuryan) Kirim unggahan : "mejeng 'selfi', tiktokan lsp. 2. Pamer harta (bandha darbeke) Ing 'status' ngunggah. 'lagi nang bengkel serpis mobil kesayangan' dibarengi photo-photo. 3. Pamer kamesran Ing status medsos, 'lagi mlaku-mlaku karo dhemenan ing Malioboro' (dibarengi photo-photo mesra /raket supeket). 4. Pamer sukses kamajuan Update status, 'Puji sokur, alhamdulillah menang lomba olimpiade matematika'. putra putrine winisuda saka pawiyatane (TK apadene Sarjana). 5. Pamer gawe kabecikan Contone, 'Seneng bisa ambage bansos ing panti asuhan' (ora nang pinggir dalan lho ! 🤪) 6. Pamer rejeki Unggahan katitik, 'puji sokur wis payu adol omah, montor lsp.lsp..' Mbokmenwa isih akeh sing durung kasebutake....🫠 Watake man...

ANAK-ANAK GLANDHANGAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02uhEK6HLcrpSRxC8FYUWSm25t6dD8WaFNopFXVJ9HQDRrmMkJUEkUyvWvsZFpVMAAl/?mibextid=Nif5oz Anak-anak glandhangan turu sangisóre lóngan (kolong) krêtêg. Gêlaran koran kêmulan amóh datan sawijiå kang prêduli. Datan ånå manèh usapan asih katrêsnane biyung. Uripe anggantungake wêlas asihe wóng liyå kadyå pangumbårå ing paran. Larikan-larikan ukara ing nginggil punika nelaken kasangsaranipun kaum papa lan kaprihatinan kita samya. Sejatosipun ing undhang-undhang dhasar negara, kasebataken dene anak dalanan/glandhangan dipunopeni lan dipuntanggel dening negara. Ananging punika budidayanipun taksih dereng saged kaleksanan kanthi pener lan leres. Dinas Sosial minangka prangkat pamarentah ingkang anggadhahi tanggel jawab prentah undhang-undhang kasebat taksih tebih saking pangajeng-ajeng dereng estu-estu tumindak. Senadyan makaten, prelu terus kaupayakaken nagara sageda ngayahi ngentasaken lare-lare glandhangan saki...

TUMANDANGÅ!, MÊSTHI MENANG!

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02mGWoc7G4ZpYhGbW2pkoYcRGk68TT7BWmLdMu9ERyfmQG6VvwDU6ZEKTLHcrSwmeSl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Wulatnå, tilingnå he tarunå! Donyå anantangmu! Aywå nglokro, gyak enggalå! Payo sigrak samyå! Åpå nora krungu, jêjêrit tangis kang nusuk kalbu, swårå duhkitå sêsambate kaum påpå. Pêpalang dènyå sumimpang, datan bapang,  ngupåyåå t'rus! Mêsthi mênang! Payo p'rå tarunå, enggalå cukat tandang!  Tumandangå! Mêsthi mênang! Waspadåå kang angancam kawulå alit tanpå dåyå. Kamurkan dumadi ing ngêndi-êndi, payo ngupåyåå têrus! Lawan lan belanên têrus, kang tanpå dåyå, aywå kêndho lan nglokro, payo ngupåyåå têrus! JM, bangun esuk, 28224             ✍️ eNPe ✍️            [^__^]  [^__^]

PANGGULAWENTHAH GEGLADHÈN KULAWARGA

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02rkrqJi7bZmQ1zU1D3TSptUX64omRoWnKELWnpT3nMgF7LFGni8ZpYhDUasheBvHal&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Ing jaman purwaning dumadi (kawitan) Gusti Allah Kang Murba Wisesa nitahaken langit lan bumi saisinipun lan samukawis titah gesang karipta kadidene ingkang kinarsakaken. Klebet manungsa katitahaken, inggih awit saking karsanipun Gusti Allah tumunten nitahaken manungsa sairib gambaring Allah, jaler kaliyan estri. Lajeng samya dipunberkahi lan dipunpangandikani: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabèhing sato-kewan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.” (Purw. 1:28) Manungsa ingkang karipta kawitan inggih punika bapa Adam lan ibu Kawa, ing ringkesing carios sami bebranahan lan tangkar-tumangkar kadya ingkang dipunkersakaken Gusti Allah, inggih ing ngriki dumadining kulawarga bapa-biyung lan ana...

🤪 BABAGAN PULITIK IKU KEJEM 😗

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0Dwh7pddd5ojkGdFmPZfTof6wLZLoJogppM837f7fG6qcHv18sbhLQzZ2BSseaZG7l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Kejeme jor-joran rebut menang ing tetandhingan pulitik nganti sumrambah uga ing babagan ekonomi klebu dedagangan kadya saiki iki, ing ngendi-endi ana pratandha padha kena bebujuk ancaman lan ruda-peksa. 1. Ana wong dodolan bubur...,      'dilarang keras' (dipenging atos) 🫡 2. Ana wong dodolan dhawet...,     'dicidhuk' 🤪🍝 3. Ana wong dodolan sate...,      'ditusuk' 🤦🏻‍♂ 4. Ana wong dodolan es degan...,      'dibacok' 😭 5. Malah wingi aku bener-bener meruhi ana wong dodol roti...      'dibakar' (diobong) 😭 6. Coba digagas mosok ana wong dodolan kopi...,      'disiram banyu panas' 🤦🏻‍♂ 7. Ee lha dalah ana wong dodolan beras...,      'dikarungi' 🤭🤭 8. Ana meneh wong dodolan lenga wangi (par...

MULIHE ANAK ILANG

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0aiw9aocCtmx5bHRSfUpYVYFgi4SVyZShYZgmJ6KJY6MoBzjwpFK3hJTy9D2HvER9l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Kacarita ing satengahe kulawarga duwe anak loro lanang kabeh. Nalika lagi padha kumpul, kocapa sang anak wuragil matur marang bapakne : "Bapak, mbokbilih kepareng kula nyuwun bagean kula ingkang badhe panjenengan warisaken." Iba kagete sang bapak mireng ature nak lanang wuragile, "Ngger anakku, kenapa kok sliramu wus nembung wiwit saiki, arep kok anggo apa ta ngger?" "Inggih bapak, nyuwun duka kula kepengin ngumbara pados wawasan kangge pawitan anggen kula kepengin pados padamelan." ngono atur wangsulane. Bapakne iya banjur mbage-bage barang darbeke marang anake karo-karone klawan adil. Let sawetara dina kang wuragil nuli ngedoli bageane kabeh, sawise mangkono tumuli lunga menyang nagara ngamanca. Ana ing kana barang darbeke diebreh-ebreh dianggo nguja kesenengane nganti kentekan...