MULIHE ANAK ILANG
Kacarita ing satengahe kulawarga duwe anak loro lanang kabeh.
Nalika lagi padha kumpul, kocapa sang anak wuragil matur marang bapakne : "Bapak, mbokbilih kepareng kula nyuwun bagean kula ingkang badhe panjenengan warisaken." Iba kagete sang bapak mireng ature nak lanang wuragile, "Ngger anakku, kenapa kok sliramu wus nembung wiwit saiki, arep kok anggo apa ta ngger?"
"Inggih bapak, nyuwun duka kula kepengin ngumbara pados wawasan kangge pawitan anggen kula kepengin pados padamelan." ngono atur wangsulane.
Bapakne iya banjur mbage-bage barang darbeke marang anake karo-karone klawan adil.
Let sawetara dina kang wuragil nuli ngedoli bageane kabeh, sawise mangkono tumuli lunga menyang nagara ngamanca. Ana ing kana barang darbeke diebreh-ebreh dianggo nguja kesenengane nganti kentekan dhuwite.
Kocapa ing negara kana ana pailan/paceklik yaiku barang-barang regane sarwa larang kamangka si anak wuragil ya si bocah mau wus gusis ora duwe apa-apa. Mulane nuli lunga ngumbara golek gawean sakencandhake ing omahe sawijine warga dikongkon angon babi ana ing pategalan.
Sarehne ora disedhiani mangan jalaran mangsa paceklik si bocah iku nganti kaliren. Dheweke kepengin mangan ampas sisa pangane babi bae ora katurutan awit ya ora ana sing gelem menehi.
Bocah mau nuli eling marang kaanan kuluwargane lan nggrahita: "Buruhe bapakku pirang-pirang, lan kabeh padha bisa mangan sawarege, mangka aku ana ing kene nganti kaliren. Yen ngono aku dak mulih menyang daleme bapakku lan nyuwun pangapura."
Sanalika iku uga dheweke enggal menyat mulih. Tekan ing tanah kelairane, bapakne saka kadohan wus pirsa kledhang-kledhang putrane mulih. Saking kangen lan melase marang putra ragile nuli bapakne mapag mlayoni njur ngrangkul karo ngarasi pipi putra ragile iku.
Bocah mau nuli matur: "Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhateng Gusti Allah lan dhateng Bapak. Kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak, kula nyuwun pangapunten Bapak."
Nanging bapakne prentah marang batur-bature: "Enggal jupukna sandhangan kang apik dhewe nuli enggokna, drijine enggonana ali-ali lan sikile enggonana sepatu.
Banjur njupuka cempe sing lemu dhewe, belehen!. Ayo padha mangan lan seneng-seneng!
Sabab anakku iki wis mati, urip maneh, wis ilang, ketemu maneh." Banjur kabeh padha wiwit bungah-bungah.
Kocapa, si pembarep sing lagi saka kebon krungu yen adhine mulih, njur takon karo salah siji bature :"Ana apa iki kok rame timen?" Wangsulane bature :"Punika den keng rayi mantuk saking pangumbaranipun lajeng keng rama dhawuh mragat cempe kang lema piyambak kangge pista pambagyanipun."
Krungu mangkono si pembarep nepsu ora gelem mlebu omah. Bapakne njur miyos metu nuli ngarih-arih putrane sing lagi nepsu mau.
Nanging diwangsuli mangkene: "Sampun mataun-taun anggen kula ngladosi bapak lan boten nate nerak wewaleripun bapak, nanging bapak boten nate maringi cempe satunggal kemawon, kangge bingah-bingah kaliyan kanca-kanca kula.
Nanging sareng putranipun bapak ingkang ngebreh-ebreh raja-darbekipun bapak, kadamel ngeceh-eceh kaliyan sundel-sundel, saweg kemawon dhateng, bapak lajeng mragat cempe lema kangge piyambakipun"
Bapakne calathu: "Anakku, engger, kowe iku salawase nunggal karo aku, lan apa saduwekku iku iya duwekmu.
Aku kabeh wis samesthine kudu padha bungah-bungah lan seneng-seneng, jalaran adhimu wus mati urip maneh, wus ilang ketemu maneh.”
Eliding carita, nelakake lamun sejatine sih katresnane bapa marang putrane ora dikaya ngapa gedhene. Senadyan putrane wus tumindak luput ndleya marang paugeran minangka anak marang bapakne, rasa katresnane bapa ora luntur awit wus ngawuningani pamratobat putrane kanthi tulus.
Mangkono uga kita manungsa abdine Gusti sing wus akeh gawe dosa, teka mratobat marek ing ayunane Gusti lan nyadhong Agunging pangaksama sarta sih kawelasane Gusti, iya Panjenengane nampa pamratobat kita saha paring pangaksama kadidene bapa marang putra-putrane.
Mugya rahayu kang tinemu kang pinangkanipun saking Gusti piyambak karumentaha mring kita sanggya para umat kinasihipun.... Amin Amin đđ
JM, lingsir wengi 20224
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar