KARÅNÅ PAYUNG lan KASABARAN
Payung nora biså ngêndhêgake udan,
ananging karånå PAYUNG
andadèkake kitå biså kukuh ajêg ngadêg sajroné udan datan têlês klêbês lan kalis såkå ing grêgas-grêgês.
Kasabaran durung têmtu biså andadèkaké kitå pikolèh kamênangan,
ananging karånå KASABARAN
biså andayani kitå kukuh santoså lan têtêg ngadhêpi samubarang pacoban.
Mugyå rahayu kang tinêmu
bagas saras kang linaras
ayêm têntrêm kang agawe adhêm
Gusti kang Må' Asih ambêrkahi.... Amin Amin 🙏🙏
JM, esuk kêkês, 14224
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar