PANINGSET ING TENGAHING KULAWARGA
Sering keprungu ing lelagon basa Ind. "Harta yang paling berharga adalah keluarga" nduweni teges kang jero yaiku ora ana kang luwih aji kejaba kulawarga, ya kulawarga iku kang aji dhewe ing antarane maneka-neka liyane. Kulawarga dumadi marga anane tetalen trah tedhak-turun nyawiji saka bapa-biyung, mula ana rasa tetalen batin kang raket/kukuh banget mujudake paningset ing antarane siji lan sijine. Samono uga kang luwih jembar tetalen-tetalen liyane ing tengahing uriping manungsa nduweni maneka warna tetalen kang ningseti nunggal karep, nunggal padunungan, nunggal asal kampung, nunggal pawiyatan, nunggal bangsa lsp lsp.
Senadyan sapanunggalan tetalen kulawarga para pribadi nduweni patrap lan kekarepan kang ora mesthi padha, nanging amarga nduweni rasa sapanunggilan mau banjur tuwuh padhadene saeka praya, guyub rukun gotong royong ngayahi bot-repoting sangganing urip paseduluran.
Senadyan maneka warna kekarepan iba ta elok yen bisa njaga karukunan padhadene ajen-ingajeni, adoh saka rasa drengki kang wusanane bisa tetep manunggal maneh. Anyengkuyung siji lan sijine kanggo kamulyan lan karahayon kang kaesthi temah tetep bisa maningseti urip bebrayan ing tengahing kulawarga, masarakat lan bangsa.
Ayo sayuk-sayuk rukun para sadulur bebarengangan ambangun praja kanggo mulyaning kaluwarga, bangsa lan nagara, kang gemah ripah loh jinawi tumuju urip tentrem raharja .... Mardika!✊️
JM, lingsir wengi, 01224
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar